Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Dhaniel 1 Kitab Sutji (JAV)

Ana ing kraton Babil

1:1-21

1. Ing taun kang katelune paprentahane Sang Prabu Yoyakim, ratu ing Yehuda, Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing nagara Babil, rawuh ing kutha Yerusalem lan ngepang kutha iku.

2. Sang Prabu Yoyakim, ratu ing Yehuda mau banjur kaulungake dening Pangeran Yehuwah marang ing astane dalasan saperanganing prabote padalemaning Allah. Kabeh iku dibekta menyang ing tanah Sinear, menyang ing kabuyutaning dewane.

3. Sang Prabu banjur dhawuh marang Aspenas, kepalaning punggawa kraton, supaya nyowanake wong Israel sawatara, kang kagolong turuning ratu lan tedhaking ngaluhur,

4. yaiku para nonoman kang tanpa cacad, kang bagus rupane, kang kadunungan kawicaksanan mawarna-warna, kang sugih kabisan sarta kang kadunungan pangreten bab kawruh, apadene kang padha sembada ngabdi ana ing kadhatone Sang Prabu, banjur padha kawulanga nulis tuwin basane wong Kasdim.

5. Sabanjure Sang Prabu netepake cadhonge dinan wong-wong mau kajupukake saka dhaharane Sang Prabu lan saka anggur, kang adate kaunjuk, kaya mangkono wong-wong mau anggone padha kagulawenthah sajrone telung taun, lan sawise iku kudu nyambut gawe kagem Sang Prabu.

6. Panunggalane wong mau ana kang kalebu wong Yehuda sawatara, yaiku Dhaniel, Hananya, Misael lan Azarya.

7. Kepala punggawa kraton mau menehi jeneng liya. Dhaniel diwenehi jeneng Beltsazar, Hananya Sadrakh, Misael Mesakh lan Azarya Abednego.

8. Anadene Dhaniel mutus ora bakal najisake awak kalawan dhaharane Sang Prabu sarta anggur kang adate diunjuk dening Sang Prabu, mulane nyuwun marang kepalaning punggawa kraton mau, supaya ora usah najisake awake.

9. Gusti Allah tumuli ngolehake sih-piwelas ana ing ngarepe kepala punggawa kraton iku;

10. nanging kepala punggawa kraton iku banjur celathu marang Dhaniel: “Aku sumelang, manawa gustiku Sang Prabu, kang wus nemtokake pangan lan ngombemu, nggalih, yen kowe katon kurang seger manawa katandhing karo para nonoman liyane barakanmu, satemah marga saka kowe, aku kagalih luput dening Sang Prabu.”

11. Dhaniel tumuli matur marang abdi dalem kang wus kaangkat dening panggedhene punggawa kraton mau dadi pangawase Dhaniel, Hananya, Misael lan Azarya:

12. “Panjenengan kula aturi nyobi ingkang abdi sadaya sadasa dinten laminipun, kula sami kaparingana tedha jejanganan saha ngombe toya kemawon;

13. sasampunipun punika kula aturi nandhing kawontenan kula sadaya kaliyan para neneman ingkang sami nedha dhaharanipun Sang Prabu, manawi sampun lajeng sami kadamela kadosdene ingkang panjenengan karsakaken.”

14. Panyuwune mau dijurungi, nuli padha dicoba suwene sapuluh dina.

15. Bareng wus kliwat sapuluh dina, kaanane nyata luwih becik sarta luwih lemu yen katimbang karo wong nonoman kang wus padha mangan dhaharane Sang Prabu.

16. Sabanjure abdi dalem mau saben-saben njupuk pangane lan omben-omben kang mesthine padha diombe wong-wong mau, nuli padha diwenehi jejanganan.

17. Nonoman papat mau padha diparingi dening Gusti Allah kawruh lan kapinteran bab tulisan lan kawicaksanan warna-warna, dene Dhaniel uga kadunungan pangreten bab wahyu lan impen rupa-rupa.

18. Bareng wektu kang katetepake dening Sang Prabu wus kliwat, yaiku anggone wong-wong mau kudu banjur disowanake, nuli padha diajak dening kepalaning punggawa kraton sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Nebukadnezar.

19. Tumuli padha diajak ngandikan dening Sang Prabu sarta panunggalane wong-wong mau ora ana kang madhani Dhaniel, Hananya, Misael lan Azarya; kabeh padha suwita marang Sang Prabu.

20. Saben bab kang mbutuhake kawicaksanan lan pangreten, kang didangokake dening Sang Prabu marang wong-wong mau, tinemune wong-wong mau tikel sapuluh anggone ngluwihi kapinterane para sarjana lan para juru gendam ing saindenging karajan.

21. Dhaniel anggone ana ing kono nganti ing taun kapisane paprentahane Sang Prabu Koresy.