Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 17:6-18 Kitab Sutji (JAV)

6. Nanging bareng padha ora ketemu, Yason lan sadulur sawatara padha diglandhang menyang ing ngarsane para panggedhening kutha, kalawan nguwuh: “Tiyang-tiyang ingkang sami sampun nggegeraken jagad sadaya punika ugi sampun sami dumugi ing ngriki

7. tuwin Yason punika nampeni tiyang-tiyang wau wonten ing griyanipun. Tiyang punika sami nglawan dhateng pranatan-pranatanipun Sang Nata Agung, sami mratelakaken, bilih wonten ratu sanesipun, inggih punika Yesus.”

8. Nalika wong akeh lan para panggedhening kutha padha krungu, banjur padha goreh atine.

9. Nanging bareng Yason lan sadulur-sadulur liyane padha tanggung, banjur padha dililani mundur.

10. Nanging ing bengi iku uga Rasul Paulus lan Silas diaturi dening para sadulur ing kono supaya enggal tindak menyang ing kutha Berea. Sarawuhe ing kono banjur padha tindak menyang ing papan pangibadahe wong Yahudi.

11. Wong-wong Yahudi ing kutha kono atine padha luwih becik tinimbang para wong Yahudi ing Tesalonika, sabab padha nampani pangandika kalawan eklasing ati sarta saben dina padha niti-priksa Kitab Suci supaya bisa sumurup, apa iku kabeh wis bener mangkono.

12. Akeh panunggalane kang manjing pracaya; uga ora sathithik panunggalane golongan kaputren lan kakung luhur bangsa Yunani.

13. Nanging bareng wong-wong Yahudi ing Tesalonika padha ngreti, yen Rasul Paulus ana ing kutha Berea uga martakake pangandikaning Allah, banjur padha teka mrono ngobong lan nggorehake atine wong akeh.

14. Nanging para sadulur banjur padha ngaturi Rasul Paulus supaya enggal tindak menyang ing pasisir sagara, nanging Silas lan Timoteus isih padha keri ana ing kutha Berea.

15. Wong-wong kang ngeterake Rasul Paulus padha ndherek tekan ing kutha Atena, banjur padha bali kalawan diweling supaya Silas lan Timoteus enggal padha nusul.

16. Rasul Paulus sajrone ngentosi ana ing kutha Atena iku, banget sungkawa ing galih, amarga nguningani nagara kono kebak reca-reca brahala.

17. Awit saka iku ana ing papan pangibadah banjur wawan pangandika karo wong-wong Yahudi lan wong-wong kang padha bekti ing Allah, apadene saben dina ana ing pasar karo wong-wong kang katrenjuh ana ing kono.

18. Uga ana ahli pikir sawatara saka golongan Epikurus lan Stoa kang padha sarasean karo panjenengane. Ana kang ngucap: “Apa ta sing arep dikandhakake tukang ngoceh iku?” Nanging liyane kandha: “Sajake wong iku nggiyarake piwulange dewa-dewa anyar.” Sabab kang diwartakake iku Injil bab Gusti Yesus lan patangen.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 17