Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lelakone Para Rasul 17:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Rasul Paulus lan Silas tumuli padha nratas ing kutha Amfipolis lan kutha Apolonia, banjur tekan ing kutha Tesalonika. Ing kono ana papan pangibadahe wong Yahudi.

2. Kaya adate Rasul Paulus nuli lumebet mrono, sarta nganti telung Sabat terus-terusan anggone reraosan karo wong Yahudi bab perang-peranganing Kitab Suci

3. kalawan diterangake sarta dituduhake, yen Sang Mesih iku kudu nandhang sangsara lan wungu maneh saka ing antarane wong mati, banjur ngandika: “Menggah Sang Mesih punika inggih punika Gusti Yesus, ingkang kula wartosaken dhateng panjenengan.”

4. Ana sawatara panunggalane wong-wong mau kang padha yakin lan banjur manunggal karo Rasul Paulus lan Silas sarta iya uga ana wong Yunani sawatara akeh kang padha bekti ing Allah, lan uga para wanita bangsa luhur ora sathithik.

5. Nanging wong-wong Yahudi iku padha panas atine lan kalawan dibiyantu dening wong ala panunggalane wong rucah sawatara, padha gawe geger sarta ngisruhake kutha kono. Wong-wong iku padha nempuh ing omahe Yason, arep ngladekake Rasul Paulus lan Silas marang parepataning rakyat.

6. Nanging bareng padha ora ketemu, Yason lan sadulur sawatara padha diglandhang menyang ing ngarsane para panggedhening kutha, kalawan nguwuh: “Tiyang-tiyang ingkang sami sampun nggegeraken jagad sadaya punika ugi sampun sami dumugi ing ngriki

7. tuwin Yason punika nampeni tiyang-tiyang wau wonten ing griyanipun. Tiyang punika sami nglawan dhateng pranatan-pranatanipun Sang Nata Agung, sami mratelakaken, bilih wonten ratu sanesipun, inggih punika Yesus.”

8. Nalika wong akeh lan para panggedhening kutha padha krungu, banjur padha goreh atine.

9. Nanging bareng Yason lan sadulur-sadulur liyane padha tanggung, banjur padha dililani mundur.

10. Nanging ing bengi iku uga Rasul Paulus lan Silas diaturi dening para sadulur ing kono supaya enggal tindak menyang ing kutha Berea. Sarawuhe ing kono banjur padha tindak menyang ing papan pangibadahe wong Yahudi.

11. Wong-wong Yahudi ing kutha kono atine padha luwih becik tinimbang para wong Yahudi ing Tesalonika, sabab padha nampani pangandika kalawan eklasing ati sarta saben dina padha niti-priksa Kitab Suci supaya bisa sumurup, apa iku kabeh wis bener mangkono.

maca bab lengkap Lelakone Para Rasul 17