Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Zakharia 9:9-17 Kitab Sutji (JAV)

9. He putri Sion, surak-suraka kang sora; he putri Yerusalem, giyak-giyaka! Lah ratunira ngrawuhi sira; Panjenengane iku adil sarta unggul, lembah panggalihe, nitih kuldi, belo anaking kuldi momotan.

10. Iku bakal numpes sakehe kreta perang ing Efraim lan sakehe jaran ing Yerusalem, apadene gendhewaning perang bakal disirnakake. Sabanjure Sang Prabu iku bakal martosake bab katentreman marang para bangsa. Wilayah pangwaose iku gumelar wiwit saka ing sagara tekan ing sagara sarta saka ing bengawan Efrat tekan ing poncot-poncoting bumi.

11. Tumrap sira, marga saka rahing prasetyaningSun kalawan sira, Ingsun bakal ngentasake wongira kang ana ing tahanan saka luwangan kang ora ana banyune.

12. He para wong tahanan kang kebak ing pangarep-arep, padha muliha menyang ing sajroning betengira! Ing dina iki uga sira padha Sunparingi sumurup: Sira bakal Sunparingi leliru tikel pindho.

13. Awit Yehuda Sunpenthang minangka gendhewa, lan Suniseni Efraim minangka panahe; apadene, he Sion, anak-anakira bakal Sunobong supaya nglawan para anakira, he Yunani, sarta sira Sundadekake kaya pedhanging pahlawan.

14. Pangeran Yehuwah bakal ngatingal marang umate, jemparinge bakal lumepas kaya kilat. Lan Gusti Allah bakal ngungelake kalasangka lan tindak majeng ing sajrone prahara kang saka ing kidul.

15. Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi bakal ngayomi umate, temah iku bakal nyirnakake lan ngidak-idak watu-watu bandhil. Bakal padha ngombe getih kaya anggur, lan padha dadi kebak kaya bokor siraman, kaya pojok-pojoking misbyah.

16. Ing dina iku bakal padha kaparingan pitulungan dening Pangeran Yehuwah Allahe, sabab padha dadi kayadene pepanthaning umate, lan bakal padha dadi kaya barleyan mripating makutha kang pating glebyar, kaya mangkono kaanane ana ing tanahing Yehuwah.

17. Pranyata kaanane luwih dening adi lan endah! Para pemudhane padha wlagang tuwuhe marga saka gandum lan pemudhine marga saka anggur.

maca bab lengkap Zakharia 9