Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Zakharia 9 Kitab Sutji (JAV)

BAB 9--14 PAMECA BAB BAKAL RAWUHE SANG MESIH

Paukuman tumrap bangsa-bangsa ing sakubenge Israel

9:1-8

1. Wangsit pangandikane Gusti Allah. Ana pangandikane Pangeran Yehuwah tumrap nagara Hadrakh kang kendele ana ing Damsyik. Marga Sang Yehuwah kang kagungan kutha-kutha ing Aram lan sakehe suku Israel,

2. uga Hamat, kang adu wates karo Damsyik mau, sarta Tirus lan Sidon, sanadyan iku padha wicaksana banget.

3. Tirus iku yasa tembok beteng, sarta numpuk salaka nganti kaya lebu, apadene mas nganti kaya blethok ing dalan.

4. Nanging lah Tirus bakal kadadekake mlarat dening Pangeran lan kakuwatane bakal kacegurake ing sagara, dene kutha iku dhewe bakal sirna kamangsa ing geni.

5. Askelon bakal nyipati temah wedi; uga Gaza, banjur luwih banget getere; Ekron iya samono uga, marga pangarep-arepe ora katutugan. Ratune bakal kasirnakake saka ing Gaza, lan Askelon bakal dadi suwung.

6. Asdod bakal kaenggonan ing turun campuran, sarta kang diagungake wong Filisti bakal Sunsirnakake.

7. Getih-getih kang ana ing cangkeme bakal Sunbuwang, lan kanisthan saka ing sela-selaning untune, lan kekarene bakal dadi kagungane Gusti Allah kita, sarta bakal dianggep kayadene sawijining trah ing Yehuda; lan wong Ekron dadi pepadhane wong Yebus.

8. Ingsun bakal lereh ana ing sacedhake padalemaningSun, prelu njagi wong kang padha liwat lumebu metu ing kono. Bakal ora ana wong kang nindhes maneh kang nekani, marga saiki Ingsun piyambak kang mirsani.

Sang Mesih ing Sion

9:9-10

9. He putri Sion, surak-suraka kang sora; he putri Yerusalem, giyak-giyaka! Lah ratunira ngrawuhi sira; Panjenengane iku adil sarta unggul, lembah panggalihe, nitih kuldi, belo anaking kuldi momotan.

10. Iku bakal numpes sakehe kreta perang ing Efraim lan sakehe jaran ing Yerusalem, apadene gendhewaning perang bakal disirnakake. Sabanjure Sang Prabu iku bakal martosake bab katentreman marang para bangsa. Wilayah pangwaose iku gumelar wiwit saka ing sagara tekan ing sagara sarta saka ing bengawan Efrat tekan ing poncot-poncoting bumi.

Israel dipulihake maneh

9:11-17

11. Tumrap sira, marga saka rahing prasetyaningSun kalawan sira, Ingsun bakal ngentasake wongira kang ana ing tahanan saka luwangan kang ora ana banyune.

12. He para wong tahanan kang kebak ing pangarep-arep, padha muliha menyang ing sajroning betengira! Ing dina iki uga sira padha Sunparingi sumurup: Sira bakal Sunparingi leliru tikel pindho.

13. Awit Yehuda Sunpenthang minangka gendhewa, lan Suniseni Efraim minangka panahe; apadene, he Sion, anak-anakira bakal Sunobong supaya nglawan para anakira, he Yunani, sarta sira Sundadekake kaya pedhanging pahlawan.

14. Pangeran Yehuwah bakal ngatingal marang umate, jemparinge bakal lumepas kaya kilat. Lan Gusti Allah bakal ngungelake kalasangka lan tindak majeng ing sajrone prahara kang saka ing kidul.

15. Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi bakal ngayomi umate, temah iku bakal nyirnakake lan ngidak-idak watu-watu bandhil. Bakal padha ngombe getih kaya anggur, lan padha dadi kebak kaya bokor siraman, kaya pojok-pojoking misbyah.

16. Ing dina iku bakal padha kaparingan pitulungan dening Pangeran Yehuwah Allahe, sabab padha dadi kayadene pepanthaning umate, lan bakal padha dadi kaya barleyan mripating makutha kang pating glebyar, kaya mangkono kaanane ana ing tanahing Yehuwah.

17. Pranyata kaanane luwih dening adi lan endah! Para pemudhane padha wlagang tuwuhe marga saka gandum lan pemudhine marga saka anggur.