Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Zakharia 10 Kitab Sutji (JAV)

Mung Yehuwah kang paring udan

10:1-2

1. Padha nyuwuna udan marang Pangeran Yehuwah ing mangsa udan kang wekasan! Pangeran Yehuwah kang karya mendhung kang nggawa udan, lan udan deres bakal kaparingake marang wong-wong sarta tetuwuhan ing ara-ara marang saben wong.

2. Sabab apa kang diucapake dening terafim iku ala, lan para juru tenung iku wahyune goroh, dene impen-impen kang dikandhakake iku kothong, tuwin tanpa paedah panglipure. Mulane bangsa iku nglembara kaya pepanthan wedhus, lan nandhang sangsara marga ora ana pangone.

Israel kaluwaran saka pangwasane bangsa ngamanca

10:3--11:3

3. “BebenduningSun bakal mulad-mulad ing ngatase para pangon, sarta para kepalaning pepanthan wedhus berok bakal padha Sundhawahi piwales, awit Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi nggatosake marang pepanthan wedhus kagungane, yaiku turune Yehuda, padha kadadekake kaya titihaning kamulyane ana ing paperangan.

4. Saka ing turune Yehuda iku bakal muncul watu pojokan, saka turun iku bakal muncul pathoking tarub, saka turun iku bakal muncul gandhewa perang, lan iya saka turun iku bakal jumedhul bebarengan sakehing wong kang nyekel pangwasa.

5. Iku bakal padha kaya pahlawan, kang ngidak-idak mungsuh kaya blethok ing dalan, bakal padha maju perang, marga tinunggil dening Sang Yehuwah lan para prajurit jaranan bakal padha kagawe wirang.

6. Turune Yehuda bakal Sunsantosakake, lan turune Yusuf Sunluwari; bakal padha Sunulihake, marga padha Sunwelasi; kaanane kaya-kaya ora tau Sunsebratake, awitdene Ingsun iki Yehuwah Allahe, sarta bakal Sunsembadani sapanyuwune.

7. Efraim bakal kaya pahlawan, atine bakal bingar kaya kena dayaning anggur. Anak-anake padha nyipati iku, temah padha bungah-bungah, sarta atine giyak-giyak marga saka Pangeran Yehuwah.

8. Ingsun bakal singsot nimbali wong-wong iku, iku bakal padha Sunklempakake, awit wus padha Sunluwari lan bakal padha tangkar-tumangkar kaya maune.

9. Sanadyan wus padha Sunsebar ana ing antarane para bangsa, ewasamono ana ing tanah-tanah kang adoh iku bakal padha eling marang Ingsun; bakal padha urip bebarengan karo anak-anake, lan padha bali mulih.

10. Bakal Sunulihake saka ing tanah Mesir, lan Sunklempakake saka ing Asyur; bakal Sunbekta menyang ing tanah Gilead sarta ing Libanon, nganti ora cukup panggonane.

11. Bakal padha nyabrang ing sagara Mesir, dene Gusti Allah bakal nyabet aluning samodra, satemah sakehe kedhunging bengawan Nil padha dadi asat. Kang diegungake bangsa Asyur bakal kaplorodake, lan tekening kaprabon Mesir bakal ilang.

12. Wong-wong iku bakal Sundadekake rosa, lan bakal padha rumangsa mbedhedheg ana ing asmane Sang Yehuwah.” Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.