Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Zakharia 3 Kitab Sutji (JAV)

Wahyu kang kaping pat: Imam Agung Yusak

3:1-10

1. Sawuse mangkono aku banjur dituduh Imam Agung Yusak jumeneng ana ing ngarsane Sang Malaekating Yehuwah, dene setan ngadeg ana ing tengene, prelu ndakwa panjenengane.

2. Sang Malaekating Yehuwah banjur ngandika marang Iblis mau: “He Iblis! Sira muga kadukanana dening Pangeran Yehuwah, iya kadukanana dening Sang Yehuwah kang milih Yerusalem. Wong iki rak tugelan kayu kang wus kajupuk saka ing geni?”

3. Anadene Imam Agung Yusak nalika jumeneng ana ing ngarsane Sang Malaekat iku pangagemane reged.

4. Dhawuhe Sang Malaekat marang kang padha ngladosi: “Cuculana sandhangane kang rege iku.” Dene marang Imam Agung Yusak pangandikane: “Lah kaluputanira wus Sunedohake saka sira, lan sira Sunanggoni sandhangan pista.”

5. Tumuli dhawuh: “Sirahe anggonana serban kang resik!” Mastakane nuli diagemi serban resik, sarta diagemi pangageman pista; anadene Sang Malaekating Yehuwah jumeneng ana ing sacedhake.

6. Sang Malaekating Yehuwah tumuli pratela marang Imam Agung Yusak:

7. “Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi ngandika mangkene: Manawa sira ngambah ing dalan pitedahingSun lan netepi kuwajiban kang Sunparingake marang sira, sira bakal mengku padalemaningSun lan ngreksa plataraningSun, apadene sira Sunparengake lumebu ana ing tengahe kang padha ngadeg leladi ana ing kene.

8. He, Imam Agung Yusak, sira ngrungokna, sira lan para kancanira kang lungguh ana ing ngarepira -- iku rak padha dadi pratandha kang elok, -- lah Ingsun bakal ngrawuhake abdiningSun, yaiku Sang Trubusan.

9. Mungguh watu adi kang wus Sunpasrahake marang Yusak iku saben watu siji ana mripate pitu, sarta Ingsun bakal natahi ukir-ukirane. -- Mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi. -- Apamaneh Ingsun bakal ngicali durakane nagara iku mung ing sajroning sadina.

10. Ing dina iku, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, -- sira padha gentenan ngajak lelungguhan ana ing ayome wit anggur lan sangisore wit anjir.”