Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Zakharia 11 Kitab Sutji (JAV)

1. He Libanon, gapuramu padha wengakna, supaya witira eres padha kamangsaa ing geni.

2. He wit sanobar, padha sesambata, dene wite eres wus padha rubuh, wit kang ngedab-edabi wus padha karusak. He, wit elon ing Basan, padha ngadhuh-adhuha, dene alase greng wus rata.

3. Rungokna, para pangon padha sesambat, marga kang dadi kasenengane wus karusak. Rungokna, singa-singa padha nggero, awit kaendahane bengawan Yarden wus sira.

Pangon warna loro

11:4-17

4. Pangandikane Sang Yehuwah Gusti Allahku mangkene: “Sira ngengona pepanthan wedhus sembelehan iku.

5. Wong kang tuku padha nyembeleh, lan ora rumangsa luput, dene kang ngedol padha ngucap: Pinujia Pangeran Yehuwah! Aku wus dadi sugih! Dene para pangone dhewe ora padha welas.

6. Sabab Ingsun ora bakal ngeman maneh marang para wong isine bumi, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah, -- nanging lah wong iku siji-sijine Sunulungake marang ing tangane pangone, lan marang ing tanganing ratune; iki bakal padha nggempur bumi, sarta wonge siji-sijia ora ana kang Sunuwalake saka ing tengahe wong iku mau.”

7. Pepanthan wedhus sembelehan iku bakal dakengon, kanggo para pedagang wedhus, sarta aku njupuk teken loro: Kang siji dakjenengake “Kadarman”, sijine: “Talenan”; aku nuli ngengon wedhus-wedhus iku.

8. Sajroning sesasi aku numpes pangone telu. Atiku banjur mangkel banget marang wedhus-wedhuse, sarta wedhus-wedhuse iya padha bosen marang aku.

9. Ing kono celathuku: “Aku emoh, ngengon kowe maneh, kang arep mati, kareben mati, kang arep ilang, kareben ilang, sarta kang isih kari iku, kareben padha pangan-pinangan daginge.”

10. Tekenku kang jeneng “Kadarman” dakjupuk, dakputung, kanggo mbatalake prajanjian kang dakanakake kalawan sakehe para bangsa.

11. Dadine ing dina iku prajanjian wus batal, temah wong kang padha dagang wedhus kang lagi migatekake aku iku padha mangreti, yen iku pangandikane Pangeran Yehuwah.

12. Aku banjur celathu marang wong-wong mau: “Manawa iku kokanggep becik, aku wenehana opahane, lan manawa ora, iya wis.” Tumuli aku ditimbangake dhuwit telung puluh sekel salaka minangka opahku.

13. Nanging Sang Yehuwah ngandika marang aku: “Iku pasrahna marang tukang ngecor logam!” -- samono kehe anggone ngregani kanggo aku. Mulane dhuwit salaka telung puluh sekel iku mau tumuli dakjupuk, banjur dakpasrahake marang tukang ngecor logam ana ing padalemaning Yehuwah.

14. Sawuse mangkono tekenku sijine yaiku kang jenenge “Talenan”, dakputung kanggo medhot pasadulurane Yehuda lan Israel.

15. Sawuse mangkono pangandikane Sang Yehuwah marang aku mangkene: “Sira njupuka sapisan engkas pirantine pangon kang goblog!

16. Marga lah Ingsun bakal ngadegake pangon ana ing nagara kene, kang ora ngeman sabarang kang ilang, ora nggoleki kang ketriwal, ora nambani kang ketaton, ora ngopeni kang waras, malah kang lemu-lemu dipangan daginge, lan njabuti tracake.

17. Bilai pangoningSun kang goblog, kang ninggal wedhus-wedhuse! Tangane lan mripate kang tengen katempuha ing pedhang! Apusa banget lengene lan mripate kang tengen dadia lamur banget!”