Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wulang Bebasan 30:1-18 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangandikane Sang Agur bin Yake, saka ing Masa. Pangucape wong mangkene: “Dhuh Allah, kawula sampun sayah sanget,dhuh Allah kawula sampun sayah sanget, ngantos ketelasan kakiyatan.”

2. Sabab aku iki bodho ngungkuli wong liya-liyane,aku ora kadunungan budi kaya salumrahe manungsa.

3. Aku uga ora nyinau bab kawicaksanan,nganti ora bisa wanuh marang Kang Mahasuci.

4. Sapa ta kang wus munggah marang swarga banjur mudhun?Sapa ta kang wus nglumpukake angin ing tangane?Sapa ta kang wus mungkus banyu nganggo sandhangan?Sapa ta kang nemtokake sakehe poncoting bumi?Iku jenenge sapa lan sapa jenenge anake?Kowe mesthi weruh!

5. Kabeh sabdane Gusti Allah iku murni,Gusti Allah iku dadi tetamenge sakehe wong kang ngayom marang Panjenengane.

6. Aja nambahi pangandikane,supaya kowe aja nganti diwelehake lan kaanggep cidra.

7. Dhuh Allah, kalih prakawis ingkang kawula suwun dhumateng Paduka,mugi sampun Paduka tampik, kaparingana saderengipun kawula pejah, inggih punika:

8. Kaculikan saha doracara mugi Paduka tebihaken saking kawula,punapa malih sampun Paduka ganjar kamlaratan utawi kasugihan,namung kaparingana rejeki ingkang dados panduman kawula.

9. Supados manawi kawula tuwuk, sampun ngantos selak dhateng Padukakaliyan wicanten: Pangeran Yehuwah iku sapa?Utawi manawi kacingkrangan sampun ngantos purun nyolong,satemah nyawiyah dhateng asmanipun Gusti Allah kawula.

10. Aja madulake batur marang bendarane,supaya batur mau aja ngipati-ipati kowe, sarta kowe banjur kudu nanggung kaluputane iku.

11. Ana turun kang nyupatani bapakne,lan ora mberkahi marang biyunge.

12. Ana turun kang nganggep marang awake dhewe resik,mangka durung dikumbah reregede dhewe.

13. Ana turun kang wateke angkuh,lan ladak mripate;

14. ana turun kang untune arupa pedhang,lan bame arupa lading,kanggo mangsa marang para wong kang tinindhes nganti entek saka ing bumining wong kang padha katindhes,para wong miskin ing antarane manungsa.

15. Lintah iku duwe anak wadon loro,sakarone padha muni: “Kanggo aku!” lan “Kanggo aku!”Ana telung prakara kang ora bisa wareg-wareg,malah patang prakara kang ora tau muni: “Wus cukup!”

16. Jagade wong mati lan guwa-garba kang gabug,lan bumi kang ora bisa wareg banyu,sarta geni kang ora tau ngucap: “Wus cukup!”

17. Mripat kang nyampahi marang bapa,sarta emoh mituhu marang biyung,iku bakal dithothol dening manuk gagak ing pinggir kalilan kamangsa dening anake manuk garudha.

18. Ana telung prakara kang dakgumuni,malah patang prakara kang ora dakngreteni;

maca bab lengkap Wulang Bebasan 30