Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Musthikaning Kidung 2:7-17 Kitab Sutji (JAV)

7. He, para putri ing Yerusalem, kowe padha sunsupatani,demi kidang-kidang utawa menjangan wadon ing ara-ara;kowe aja nggugah lan ngobahake katresnan, sadurunge dikarepake!

8. Rungokna! Kekasihku!Sawangen rawuhe,mlumpat-mlumpat ing gunung-gunung,mencolot-mencolot ing tengger-tengger!

9. Kekasihku iku kaya kidang,utawa anak menjangan.Delengen, panjenengane jumenenging saburining tembok kita,kambi ngungak-ungak liwat cendhela-cendhelalan nginjen ing ruji-ruji.

10. Kekasihku wiwit ngandika marang aku:“Tangia, memanisku,mrenea, intenku!

11. Awitdene delengen, mangsa atis wis kliwat,udane wis terang, lan wis kepungkur.

12. Ing pategalan wis katon kembang-kembang,wis mangsane methik;anggunge perkutut wis keprungu anaing tanah kita.

13. Wit anjir wiwit awoh,lan kembanging wit anggur ngambar gandane.Tangia, memanisku,mrenea, intenku!

14. Manukku dara ana ing lowahan-lowahaning parang,ana ing pandhelikan ing ereng-erenging gunung,pamerna paraupanmu,wetokna suwaramu;amarga arum suwaramu,lan endah warnamu!”

15. Aku padha cekelna asu wawar iku,asu wawar kang cilik,kang ngrusak pakebonan anggur,pakebonan anggurku kang nedhenge kembang!

16. Kekasihku iku darbekku lan aku iki kagunganekang ngengen wedhus ana ing satengahing kembang bakung.

17. Sadurunge angin sore mididlan ayang-ayang ilangdhuh kekasih kawula,Paduka mugi kersaa wangsul,saha karsaa tumindak kados kidangutawi kados anak sangsamingkang wonten ing redi-redi taneman anggi-anggi!

maca bab lengkap Musthikaning Kidung 2