Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Musthikaning Kidung 2 Kitab Sutji (JAV)

1. -- Kawula punika sekar mawar saking Saron,sekar bakung ing lebak.

2. -- Memanisku iku ana ing satengahe para kenyapindha kembang bakung ing satengahing eren.

3. -- Kekasihku iku ana ing satengahe para nom-nomankaya wit apel ing satengahing wit-witan ing alas.Aku kepengin lungguh ana ing ayome,wohe legi tumrap ing cethakku.

4. Aku kinanthi lumebu ing papan pahargyanlan tunggul kang ana ing dhuwurku iku tresna.

5. Bok aku kinuwatna srana panganan kismis,sinegerna kalawan woh apel.

6. Amarga aku nandhang lara asmara.Astane kiwa ana ing ngisoring sirahku,astane tengen ngrangkul aku.

7. He, para putri ing Yerusalem, kowe padha sunsupatani,demi kidang-kidang utawa menjangan wadon ing ara-ara;kowe aja nggugah lan ngobahake katresnan, sadurunge dikarepake!

Ing korining penganten putri

2:8-17

8. Rungokna! Kekasihku!Sawangen rawuhe,mlumpat-mlumpat ing gunung-gunung,mencolot-mencolot ing tengger-tengger!

9. Kekasihku iku kaya kidang,utawa anak menjangan.Delengen, panjenengane jumenenging saburining tembok kita,kambi ngungak-ungak liwat cendhela-cendhelalan nginjen ing ruji-ruji.

10. Kekasihku wiwit ngandika marang aku:“Tangia, memanisku,mrenea, intenku!

11. Awitdene delengen, mangsa atis wis kliwat,udane wis terang, lan wis kepungkur.

12. Ing pategalan wis katon kembang-kembang,wis mangsane methik;anggunge perkutut wis keprungu anaing tanah kita.

13. Wit anjir wiwit awoh,lan kembanging wit anggur ngambar gandane.Tangia, memanisku,mrenea, intenku!

14. Manukku dara ana ing lowahan-lowahaning parang,ana ing pandhelikan ing ereng-erenging gunung,pamerna paraupanmu,wetokna suwaramu;amarga arum suwaramu,lan endah warnamu!”

15. Aku padha cekelna asu wawar iku,asu wawar kang cilik,kang ngrusak pakebonan anggur,pakebonan anggurku kang nedhenge kembang!

Penganten sakaliyan padha sapa-sinapa

4:16--5:1

16. Kekasihku iku darbekku lan aku iki kagunganekang ngengen wedhus ana ing satengahing kembang bakung.

17. Sadurunge angin sore mididlan ayang-ayang ilangdhuh kekasih kawula,Paduka mugi kersaa wangsul,saha karsaa tumindak kados kidangutawi kados anak sangsamingkang wonten ing redi-redi taneman anggi-anggi!