Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Maleakhi 4:1-3 Kitab Sutji (JAV)

1. Lah dina iku bakal teka, murub kaya pawon; sakehe wong kang sembrana lan sarupane wong kang nglakoni duraka bakal padha dadi kaya dami, sarta dina kang teka iku bakal ngobong wong-wong mau, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi, -- nganti ora ngarekake oyod lan pange siji-sijia.

2. Balik sira kang padha wedi marang asmaningSun, bakal padha kaplethekan padhanging srengenge kabeneran kang nggawa kawarasan ana ing swiwine. Sira bakal padha metu klawan lincak-lincak kaya pedhet kang metu saka ing kandhang.

3. Sarta para wong duraka iku bakal sira idak-idak, marga bakal padha dadi awu ana ing sangisoring tlapakanira, besuk ing dina kang Suncawisake iku, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi --.

maca bab lengkap Maleakhi 4