Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Maleakhi 2:4-12 Kitab Sutji (JAV)

4. Temah sira padha eling yen Ingsun kang ndhawuhake pepakon iku marang sira, supaya tetepa prajanjianingSun klawan Lewi, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi --.

5. PrasetyaningSun klawan Lewi iku Ingsun bakal ngganjar urip lan tentrem-rahayu, iku kang Sunparingake, supaya Lewi bakal padha ajrih-asih, mangka iya ajrih-asih marang Ingsun, sarta geter awit saka asmaningSun.

6. Awit cangkeme isi piwulang kang bener lan ing lambene ora tinemu kaculikan. Salakune ana ing patunggilaningSun klawan tentrem-rahayu lan kajujuran, sarta akeh wong kang diundurake saka ing dosa.

7. Marga lambene imam iku isi kawruh lan wong-wong padha golek piwulang saka ing cangkeme, awit imam iku utusane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi.

8. Nanging sira wus padha nyimpang saka ing dalan, lan ndadekake wong akeh padha keplesed marga saka piwulangira; sira wus mbubrah prajanjian klawan Lewi, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi. --

9. Mulane Ingsun iya bakal ndadekake sira asor lan nistha ana ing ngarepe umat iki, marga sira ora ngambah dalan pitedahingSun, malah anggonira memulang nganggo mawang wong.

10. Kita kabeh iki rak padha nduweni Rama siji, rak Gusti Allah siji kang nitahake kita kabeh? Yagene ta kita kok laku cidra marang sadulur kita dhewe, iku dadine rak najisake prajanjiane para leluhur kita?

11. Yehuda tumindak cidra, tuwin panggawe nistha katindakake ana ing Israel lan ing Yerusalem, awit Yehuda wus najisake pasucen kang dikasihi Sang Yehuwah, sarta wus dadi bojone anake wadon allah liya.

12. Pangeran Yehuwah muga nyirnakna wong kang nglakoni mangkono iku dalah sakehe turune saka ing tarub-tarube Yakub, sanajana padha nyaosi pisungsung marang Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi.

maca bab lengkap Maleakhi 2