Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Habakuk 3:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Pandongane Nabi Habakuk, lagune kaya kidung pesambat.

2. Dhuh Yehuwah, pawartos bab Paduka sampun kawula pireng,saha kawula ajrih dhateng pakaryan Paduka, dhuh Yehuwah!Pakaryan Paduka mugi Paduka lestantunaken ing salebeting lumampahipun taun,inggih salebeting lumampahipun taun mugi Paduka wedharaken,ing salebeting bendu mugi karsaa enget ing sih-palimirma!

3. Gusti Allah rawuh saka ing tanah Teman,sarta Kang Mahasuci saka ing pagunungan Paran, (sela).Kamulyane nasabi sakurebe langit,lan bumi kebak pamuji marang Panjenengane.

4. Ana kang sumorot pindha cahya,soroting cahya caka ing sisihe,iku kang nasabi kakiyatane.

5. Pageblug lumaku ana ing ngarsane,sarta lelara panas ndherekake tindake.

6. Panjenengane jumeneng, bumi kadamel gonjing,paningale mirsani mubeng, para bangsa padha pating jenggirat kalawan kaget,gunung-gunung kang wus ana wiwit kuna mula padha remuk,tengger-tengger kang wus maabab-abad anane padha mendhak;kaya mangkono tindake Sang Yehuwah maabad-abad.

7. Aku ndeleng tarube Kusyan padha kataman ing karubedan,tendha-tendhane tanah Midian padha kedher.

8. Dhuh Yehuwah, punapa dhateng lepen-lepen,punapa dhateng lepen-lepen timbuling bebendu Paduka punika?Punapa saganten ingkang Paduka dhawahi bramatya Paduka punika,dene Paduka ngantos nitih kuda saha kreta kaunggulan Paduka?

9. Gandhewa Paduka sampun Paduka penthang,sampun Paduka pasangi jemparing (sela).Bumi Paduka belah dados lepen-lepen;

maca bab lengkap Habakuk 3