Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Amos 1:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Iki pangandika kang kawedharake marang Nabi Amos, panunggalane wong kang ngingu wedhus saka ing Tekoa, bab Israel, nalika jamane Sang Prabu Uzia ratu ing Yehuda, lan ing jamane Sang Prabu Yerobeam putrane Sang Prabu Yoas, ratu ing Israel, rong taun sadurunge lindhu.

2. Pangandikane mangkene:“Yehuwah nggero saka ing Sion,sarta ngwedalake swarane saka ing Yerusalem,temah pangonan-pangonan padha garing,lan pucake gunung Karmel dadi alum.”

3. Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene:“Marga saka durakane Damsyik telung prakara,malah patang prakara,mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun:sarehne wus padha nindhes Gilead,nganggo pleredan panuton wesi,

4. Ingsun bakal kintun geni menyang ing sajrone kadhatone Hazael,kang mangsa baluwartine Benhadad nganti entek;

5. Ingsun bakal mutung slaraking gapurane Damsyik,sarta numpes wong isine Bikeat-Awen,dalah kang nyekel tekening karajan ing Bet-Eden;apadene bangsa Aram bakal katundhung menyang Kirkaya wong buwangan,”mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

maca bab lengkap Amos 1