Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Amos 1 Kitab Sutji (JAV)

Bebuka

1:1

1. Iki pangandika kang kawedharake marang Nabi Amos, panunggalane wong kang ngingu wedhus saka ing Tekoa, bab Israel, nalika jamane Sang Prabu Uzia ratu ing Yehuda, lan ing jamane Sang Prabu Yerobeam putrane Sang Prabu Yoas, ratu ing Israel, rong taun sadurunge lindhu.

Paukuman marang bangsa-bangsa liya

1:2--2:3

2. Pangandikane mangkene:“Yehuwah nggero saka ing Sion,sarta ngwedalake swarane saka ing Yerusalem,temah pangonan-pangonan padha garing,lan pucake gunung Karmel dadi alum.”

3. Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene:“Marga saka durakane Damsyik telung prakara,malah patang prakara,mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun:sarehne wus padha nindhes Gilead,nganggo pleredan panuton wesi,

4. Ingsun bakal kintun geni menyang ing sajrone kadhatone Hazael,kang mangsa baluwartine Benhadad nganti entek;

5. Ingsun bakal mutung slaraking gapurane Damsyik,sarta numpes wong isine Bikeat-Awen,dalah kang nyekel tekening karajan ing Bet-Eden;apadene bangsa Aram bakal katundhung menyang Kirkaya wong buwangan,”mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

6. Pangandikane Sang Yehuwah mangkene:“Marga saka durakane Gaza telung prakara,malah patang prakara,mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun,dene wus ngangkatake wong sabangsa kabeh menyang ing pambuwangan,kang banjur padha diulungake marang Edom,

7. Ingsun bakal kintun geni menyang ing sajrone baluwartine Gaza,temah kadhatone banjur kamangsa nganti entek.

8. Ingsun bakal numpes para kang manggon ing Asdod,sarta kang nyekel tekening karajan ing Askelon,apadene astaningSun bakal nempah marang Ekron,tekan kekarane wong Filisti bakal padha tiwas kabeh,”mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

9. Pangandikane Sang Yehuwah mangkene:“Marga saka durakane Tirus telung prakara,malah patang prakara,mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun;awitdene wus ngulungake wong sabangsa kabeh marang Edom minangka tawanan,sarta ora eling marang prajanjian pasaduluran,

10. Ingsun bakal kintun geni menyang ing sajroning baluwartine Tirus,nganti kratone entek kamangsa.”

11. Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene:“Marga saka durakane Edom telung prakara,malah patang prakara,mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun,dene wus ngoyak-oyak sadulure kalawan pedhang,sarta ora ngatonake kawelasane,malah nepsune direndhem terus,lan panasing atine disimpen salawase,

12. Ingsun bakal kintun geni menyang ing Teman,temah kraton Bozra banjur kamangsa nganti entek.”

13. Pangandikane Sang Yehuwah mangkene:“Marga saka durakane bani Amon telung prakara,malah patang prakara,mulane Ingsun ora bakal murungake putusaningSun,awitdene wus mbedheli wetenge wong wadon kang meteng ing Gilead,karepe arep ngelar wewengkone dhewe.

14. Ingsun bakal nyumed geni ana ing sajroning baluwartine Raba,kang mangsa kadhatone nganti entek,binarung ing suraking paprangan,lan kinanthenan angin gedhe ing dinaning prahara,