Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 11:29-39 Kitab Sutji (JAV)

29. Nalika samana ing sawijining dina Yerobeam pinuju metu saka ing kutha Yerusalem banjur dipethukake dening Nabi Ahia saka ing Silo, kang ngagem jubah anyar. Anadene kang ana ing ara-ara kono mung wong loro iku.

30. Nabi Ahia nuli nyepeng jubahe anyar kang diagem mau sarta banjur kasuwek-suwek dadi rolas,

31. lan ngandika marang Yerobeam: “Kowe njupuka suwekan sapuluh kanggo kowe, awit mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel: Lah Ingsun bakal nyuwek karajan iku saka ing tangane Suleman sarta Ingsun bakal maringi sira sapuluh taler.

32. Nanging sataler bakal tetep dadi duweke marga saka abdiningSun Dawud lan marga saka Yerusalem, kutha kang Sunpilih saka ing antarane sakehing talere Israel.

33. Dene sababe yaiku anggone wus ninggal Ingsun lan sujud nyembah marang Asytoret, dewa-dewaning wong Sidon, marang Kamos, allahe wong Moab lan marang Milkom, allahe bani Amon, tuwin anggone ora lumaku ing dalan kang Suntedahake kalawan nglakoni apa kang bener ana ing paningalingSun sarta kalawan tansah nindakake sakehe katetepan lan tatananingSun, kayadene Dawud, bapakne.

34. Ora saka ing tangane anggoningSun bakal mundhut karajan iku kabeh; Ingsun bakal nglestarekake anggone dadi ratu ing salawase uripe, marga saka abdiningSun Dawud kang wus Sunpilih lan kang tansah nindakake dhawuh tuwin katetepaningSun.

35. Nanging saka ing anake anggoningSun bakal mundhut karajan iku, kang banjur bakal Sunparingake marang sira sapuluh taler.

36. Dene anake bakal Sunparingi sataler, supaya abdiningSun Dawud tansah duwe turun ing ngarsaningSun ana ing Yerusalem, kutha kang Sunpilih kagem Ingsun, amrih asmaningSun lestari ana ing kono.

37. Anadene sira bakal Sunpundhut, supaya sira mengku sakehe kang dikarepake dening atinira lan dadi ratu ing Israel.

38. Lan manawa sira ngrungokake marang kang Sundhawuhake kabeh marang sira lan lumaku ing dalan kang Suntedahake sarta nindakake apa kang bener ana ing paningalingSun kalawan tansah nglakoni sakehe katetepan lan dhawuhingSun kayadene kang wus katindakake dening abdiningSun Dawud, Ingsun nganthi marang sira tuwin bakal maringi marang sira turun kang santosa kaya kang wus Sunparingake marang Dawud, lan Ingsun bakal maringake wong Israel marang sira.

39. Marga saka iku Ingsun bakal ngesorake turune Dawud, nanging ora ing salawase.”

maca bab lengkap 1 Para Raja 11