Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Tesalonika 1:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Saka Paulus, Silwanus lan Timoteus, marang pasamuwane wong-wong ing Tesalonika ana ing Allah Rama kita lan ana ing Gusti Yesus Kristus.

2. Sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka ing Allah, Rama kita, lan saka Gusti Yesus Kristus anaa ing kowe kabeh.

3. Aku padha kawajiban tansah saos sokur marang Allah marga saka kowe kabeh, para sadulur. Lan pancen kudune mangkono, awit pracayamu saya mundhak-mundhak lan anggonmu padha tresna-tinresnan saya banget

4. satemah ana ing pasamuwan-pasamuwaning Allah aku kabeh padha mongkog ing bab anggonmu padha mantep sarta kumandel ana ing sajroning sakehe panganiaya lan panindhes, kang padha koksangga:

5. iku sawijining tandha-bukti bab adiling pangadilaning Allah, kang mratelakake yen kowe kabeh iku pantes dadi wargane Kratone Gusti Allah, kowe kang saiki padha nandhang sangsara marga saka Kraton iku.

6. Jalaran pancen wus sabenere mungguh ing Gusti Allah malesake panganiaya marang wong-wong kang padha nganiaya kowe

7. sarta amrih leganing atimu kan padha ditindhes, lan uga tumrap marang aku kabeh, samangsa Gusti Yesus saka ing swarga ngatingal ginarebeg ing para malaekate, ngagem panguwasane, ing sajroning geni kang murub makantar-kantar,

8. lan ndhawahake piwales marang wong-wong kang padha ora gelem wanuh marang Gusti Allah sarta ora mbangun-miturut marang Injile Gusti Yesus, Gusti kita.

9. Wong-wong iku bakal nglakoni paukuman, nandhang karusakan salawase, diedohake saka ing pangayunaning Pangeran lan saka ing kamulyaning panguwaose

maca bab lengkap 2 Tesalonika 1