Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 6 Kitab Sutji (JAV)

Gusti Yesus iku iya Gustine dina Sabat

6:1-5

1. Ing sawijining dina, pinuju dina Sabat, nalika Gusti Yesus tindak nglangkungi pategalan gandum, para sakabate padha methiki wewulen, banjur dipusus ing tangane, isine dipangan.

2. Nanging banjur ana wong Farisi sawatara kang padha ngaruh-aruhi: “Yagene kowe padha nindakake kang ora diparengake ing dina Sabat?”

3. Gusti Yesus tumuli paring wangsulan, pangandikane: “Apa kowe padha maca bab apa kang katindakake dening Senapati Dawud sapandhereke kabeh nalika keluwen,

4. anggone banjur lumebet ing Padaleman Suci, mundhut roti cecaosan, nuli didhahar, lan para pandhereke iya banjur padha diparingi, mangka ora ana kang kawenangake mangan iku kajaba mung para imam.”

5. Nuli ngandika maneh: “Putraning Manungsa iku Gustine dina Sabat.”

Gusti Yesus nyarasake wong ceko ing dina Sabat

6:6-11

6. Kacarita pinuju ing dina Sabat liyane Gusti Yesus lumebet ing papan pangibadah banjur memulang. Ing kono ana wong kang ceko tangane tengen.

7. Para ahli Toret lan para wong Farisi padha ngulatake, apa bakal nyarasake wong ing dina Sabat, iku supaya bisa oleh dhadhakan anggone ngluputake Panjenengane.

8. Nanging Panjenengane ora kekilapan marang kang dadi osiking atine wong-wong mau, tumuli ngandika marang kang ceko: “Ngadega, mapana ing tengah kene!” Wonge banjur ngadeg mapan.

9. Gusti Yesus tumuli ngandika marang wong-wong mau: “Aku takon marang kowe: Apa kang kepareng ditindakake ing dina Sabat, gawe becik, apa gawe ala, nylametake apa ngrusak nyawa?”

10. Sawise ngandika mangkono nuli mirsani mubeng marang wong-wong mau, banjur ngandika marang kang ceko: “Tanganmu athungna!” Wong mau iya banjur nindakake mangkono, wasana tangane waras.

11. Wong akeh mau tumuli padha nepsu banget, sarta padha rembugan bab apa kang bakal katindakake tumrap Gusti Yesus.

Gusti Yesus nimbali rasul rolas

6:12-16

12. Kacarita ing nalika samana Gusti Yesus minggah ing gunung ndedonga; nganti sawengi natas anggone ndedonga.

13. Bareng wis raina para sakabate padha ditimbali, banjur dipilih rolas, kang padha dijenengake rasul, yaiku:

14. Simon, kang uga diparingi jeneng Petrus, lan Andreas sadulure Simon, Yakobus lan Yokanan, Filipus lan Bartolomeus,

15. Mateus lan Tomas, Yakobus anake Alfeus, lan Simon kang karan wong Zelot,

16. Yudas anake Yakobus lan Yudas Iskariot kang ing tembe laku cidra.

Gusti Yesus memulang lan nyarasake wong pirang-pirang

6:17-19

17. Sawise iku Gusti Yesus banjur mandhap kadherekake dening para sakabate, tumuli kendel ana ing sawijining papan kang rata, akeh banget wong kang banjur padha nglumpuk ana ing kono, para sakabat lan wong-wong liyane, kang teka saka ing tanah Yudea kabeh lan saka ing Yerusalem, sarta saka ing tanah pasisire Tirus lan Sidon.

18. Anggone padha mrana iku arep ngrungokake pangandikane lan supaya kawarasake lelarane, apadene wong-wong kang kasurupan ing roh reged iya padha kawarasake.

19. Lan woh akeh iku mau kabeh padha mbudidaya bisane ndemek Panjenengane, awit banjur ana daya kang metu saka ing Panjenengane, temah kabeh padha diwarasake.

Wong apa kang rahayu lan kang bilai

6:20-26

20. Gusti Yesus banjur mirsani para sakabate lan ngandika:“Rahayu kowe kang padha mlarat, amarga kowe kang padha nduweni Kratoning Allah.

21. Rahayu kowe kang saiki padha kaluwen, amarga kowe bakal padha kawaregan.Rahayu kowe kang saiki nangis, awit kowe bakal gumuyu.

22. Rahayu kowe, manawa marga saka Putraning Manungsa, kowe padha disengiti ing wong, disingkang-singkang sarta diwewada apadene jenengmu dianggep ala lan diemohi.

23. Ing dina iku kowe padha bungah-bungaha lan suka-sukaa, amarga sanyata bakal gedhe ganjaranmu ana ing swarga; amarga para nabi iya digawe mangkono dening para leluhure.

24. Nanging bilai kowe, heh, para wong sugih, awit kowe wis padha tampa panglipur saka kasugihanmu.

25. Bilai kowe, kang saiki wareg, amarga kowe bakal luwe. Bilai kowe, kang saiki gumuyu, amarga kowe bakal nandhang susah lan nangis.

26. Bilai kowe, manawa wong kabeh padha ngalembana marang kowe, awit iya kaya mangkono iku panggawene para leluhure marang para nabi palsu.”

Bab nresnani mungsuh

6:27-36

27. “Nanging kowe kang padha ngrungokake marang Aku, padha Dakpituturi: Padha tresnaa marang mungsuhmu, wong kang sengit marang kowe, padha becikana.

28. Wong kang nyupatani kowe, padha suwunna berkah; wong kang sawenang-wenang marang kowe, padha dongakna becik.

29. Sing sapa nangani pipimu sasisih, sisihe pisan ulungna, lan sing sapa ngrebut jubahmu, cikben ngepek kotangmu pisan.

30. Wong kang njejaluk marang kowe, wenehana, lan aja njaluk baline marang darbekmu kang wis dijupuk ing wong.

31. Apa kang kokkarepake tumrap kang tumanduk marang kowe, iku iya tandukna marang wong.

32. Sarta manawa kowe tresna marang wong kang nresnani kowe, iku apa jasamu? Amarga wong dosa iya padha nimbangi katresnaning liyan.

33. Awit manawa kowe padha gawe becik marang kang mbeciki kowe, iku jasamu apa? Wong dosa rak iya padha tumindak mangkono.

34. Lan maneh manawa kowe ngutangi marang wong kanthi pangarah supaya oleh apa-apa saka dheweke, iku apa jasamu? Wong dosa rak iya padha ngutangi marang padha wong dosa, supaya padha tampane.

35. Nanging kowe, padha tresnaa marang satrumu, padha becikana sarta silihana tanpa pangarep-arep piwelase, temah bakal gedhe ganjaranmu, apamaneh kowe bakal padha dadi putraning Allah Kang Mahaluhur, amarga Panjenengane nindakake kasaenan marang wong kang padha ora weruh ing kabecikan lan para wong ala.

36. Kowe sing padha ambek welasan, kaya anggone Ramamu iya ambek welasan.”

Bab ngukumi

6:37-42

37. “Aja padha ngukumi, supaya kowe iya ora bakal padha diukumi. Lan aja padha ngadili, supaya kowe iya ora padha diadili. Padha ngapuraa, supaya kowe iya diapura.

38. Padha weweha, supaya kowe iya diwenehi. Takeran kang apik, kang ditetel-tetel, kang dioyog lan kang luber, bakal kaesokake ing pangkonmu, amarga ukuran kang kokanggo ngukur, iku iya bakal kanggo ngukur kowe.”

39. Gusti Yesus banjur ngandika maneh marang wong-wong mau kalawan pasemon mangkene: “Wong picak apa bisa nuntun wong picak? Apa karone ora bakal kecemplung ing luwangan?

40. Murid iku ora ngungkuli gurune, nanging sing sapa wis tamat pasinaone, bakal padha karo gurune.

41. Yagene kowe nyumurupi tatal kang ana ing mripate sadulurmu, mangka glondhong kang ana ing mripatmu, kowe ora sumurup?

42. Kapriye dene kowe bisa tutur marang sadulurmu: Sadulur, tatal kang ana ing mripatmu iku dakilangane. Mangka glondhong kang ana ing mripatmu, kowe ora sumurup. Heh, wong lamis, glondhong kang ana ing mripatmu iku ilangana dhisik, temah kowe bakal bisa ndeleng kalawan cetha lan bisa ngilangi tatal kang ana ing mripate sadulurmu!”

Wit lan wohe

6:43-45

43. “Amarga ora ana wit kang becik kang metokake woh kang ala, lan iya ora ana wit kang ala kang metokake woh kang becik.

44. Sabab saben wit iku ketitik saka wohe. Awit ora ana woh anjir dipethik saka tethukulan eri, lan ora ana woh anggur diundhuh saka grumbul eri.

45. Wong kang becik iku metokake barang kang becik saka ing simpenaning atine kang becik, dene wong kang ala iku metokake barang kang ala saka ing simpenaning atine kang ala. Sabab kang diucapake dening cangkem, iku mbludag saka ing sajroning ati.”

Bab krungu lan nglakoni

6:46-49

46. “Geneya kowe kok nyebut Aku: Gusti, Gusti, mangka kowe padha ora nglakoni pituturKu?

47. Saben wong kang marani Aku lan ngrungokake pituturKu sarta ditindakake -- kowe Daksumurupake wong iku kena dipadhakake sapa --.

48. Iku padhane kaya wong kang ngedegake omah: Wong iku gawe kalenan kang jero, sarta pandhemene kapasang ing padhasan. Bareng ana banjir lan banjir mau nrajang omah iku, omah iku ora bisa gonjing amarga santosa banget.

49. Nanging sing sapa ngrungokake pituturKu mangka ora dilakoni, iku padhane kaya wong kang ngadegake omah tanpa pandhemen. Bareng ana banjir kang nrajang, omah iku ambruk, sarta banget rusake omah iku.”