Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 22 Kitab Sutji (JAV)

Rancangan nyedani Gusti Yesus

22:1-2

1. Nalika samana wis ngarepake riyaya Roti Tanpa Ragi, kang aran Paskah.

2. Para pangareping imam lan para ahli Toret padha golek dalan, anggone bisa nyedani Panjenengane, amarga padha wedi karo wong akeh.

Yudas kasurupan iblis banjur saguh ngulungake Gusti Yesus

22:3-6

3. Yudas, kang peparab Iskariot, panunggalane sakabat rolas tumuli kasurupan dening iblis,

4. banjur lunga marani para pangareping imam lan para lelurahing jaga-baya Padaleman Suci, prelu rembugan bab anggone bakal ngulungake Gusti Yesus.

5. Iku padha bungah lan sarujuk bakal padha aweh opah.

6. Yudas nyaguhi sarta wiwit nalika iku tansah golek dalan bisane ngulungake Gusti Yesus, ora nganti kasumurupan ing wong akeh.

Pacawisan Paskah

22:7-13

7. Bareng dina riyaya Roti Tanpa Ragi, yaitu dina anggone wong-wong padha nyembeleh cempening Paskah,

8. Gusti Yesus banjur ngutus Petrus lan Yokanan, dhawuhe: “Kowe padha lungaa, nyawisna Paskah kang bakal padha dakpangan.”

9. Unjuke wong loro mau: “Karsa Paduka anggen kawula sami nyawisaken wonten ing pundi?”

10. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Manawa kowe padha lumebu ing kutha, kowe bakal kepethuk wong kang nggawa kendhi isi banyu, iku banjur etutna tekan ing omah kang dileboni

11. lan matura marang kang duwe omah iku: Sang Guru ndangu dhateng panjenengan: Endi kamare, sing kena Dakanggo mangan Paskah bebarengan karo para sakabatKu?

12. Wong iku banjur nuduhake marang kowe kamar gedhe ing dhuwur kang wis katata miranti. Kowe padha nganakna pacawisan ana ing kono.”

13. Karone banjur padha mangkat, tinemune iya trep kaya kang kapangandikakake dening Gusti Yesus. Nuli padha nyawisake Paskah.

Gusti mranata Bujana Suci

22:14-23

14. Bareng wis tumeka ing wayahe, Gusti Yesus banjur lenggah dhahar bebarengan karo para rasule.

15. Tumuli padha dipangandikani: “Aku wis kapengin banget mangan Paskah iki bebarengan karo kowe kabeh, sadurunge Aku nandhang sangsara.

16. Awit Aku pitutur marang kowe: Aku ora bakal mangan iku maneh, nganti tumekane iku wis kayektenan ana ing Kratoning Allah.”

17. Sawise mangkono Panjenengane banjur mundhut tuwung, saos sokur nuli ngandika: “Iki tampanana lan edumen kang warata,

18. sabab Aku pitutur marang kowe: wiwit saiki iki Aku ora bakal ngombe pametuning wit anggur maneh, nganti tumeka sawise Kratoning Allah rawuh.”

19. Tumuli mundhut roti, saos sokur, banjur nyuwil-nyuwil roti mau kaparingake marang para sakabat kalawan ngandika: “Iki badanKu kang kaparingake marga saka kowe. Iki tindakna minangka pangeling-eling marang Aku.”

20. Mangkono uga tuwunge sawise dhaharan, pangandikane: “Tuwung iki prajanjian anyar kang sarana getihKu, kang kawutahake marga saka kowe!

21. Nanging, lah tangane wong kang ngulungake Aku, nunggal karo Aku ana ing meja kene.

22. Sabab Putraning Manungsa pancen bakal jengkar miturut ing pepesthen, nanging bilai wong kang dadi margane anggone kaulungake.”

23. Banjur padha wiwit takon-tinakon, panunggalane iku sapa baya kang bakal tumindak mangkono.

Kang cilik dhewe bakal dadi pangarep

22:24-30

24. Kacarita para sakabat iya padha diya-diniya bab panunggalane sapa kang bakal dianggep dhuwur dhewe.

25. Gusti Yesus banjur ngandika marang wong-wong mau: “Ratu-ratune para bangsa iku mrentah marang kawulane lan kang padha nguwasani iku diarani pangayoman.

26. Nanging kowe kabeh iku ora mangkono, malah kang dhuwur dhewe ana ing antaramu iku dadia kaya kang anom dhewe lan kang dadi panuntun dadia kang ngladeni.

27. Amarga sapa ta kang luwih dhuwur: kang linggih mangan, apa kang ngladeni? Rak kang linggih mangan? Ananging Aku iki ana ing tengah-tengahmu kayadene kang ngladeni.

28. Kowe kabeh iku kang tansah tetunggalan karo Aku sajrone Aku kena ing godha-rencana.

29. Sarta Aku wus nyawisake Kraton kanggo kowe kabeh kayadene RamaKu wus nyawisake marang Aku,

30. supaya kowe padha bisa mangan lan ngombe tunggal sameja karo Aku ana ing KratonKu. Apamaneh kowe bakal padha linggih ing dhampar lan ngadili talere Israel rolas.”

Pamecane Gusti bab anggone Petrus bakal nyelaki Panjenengane

22:31-34

31. “Simon, Simon, lah Iblis banget anggone nginteri kowe kabeh, kaya gandum,

32. nanging kowe wis dakdongakake, supaya pracayamu ora ilang. Lan kowe, manawa wis mratobat, sadulur-sadulurmu padha santosakna.”

33. Atur wangsulane Petrus: “Gusti, kawula cumadhang mbelani Paduka, sanadyan ngantosa dipun kunjara lan dumuginipun pejah pisan.”

34. Nanging Gusti Yesus ngandika: “Aku pitutur marang kowe, Petrus: ing dina iki bakal ora ana jago kluruk, sadurunge kowe nyelaki Aku nganti ping telu.”

Bab kanthong lan pedhang

22:35-38

35. Gusti Yesus banjur ngandika maneh: “Nalika kowe padha dakutus kae, ora nggawa rajut, kanthong utawa trumpah, apa kowe tau padha kekurangan apa-apa?”

36. Ature para sakabat: “Boten babar pisan.” Pangandikane Gusti Yesus: “Nanging saiki iki, sing sapa duwe rajut, kagawaa, mangkono uga kang duwe kanthong; lan kang ora duwe pedhang, ngedola jubahe kanggo tuku.

37. Amarga Aku pitutur marang kowe, nas ing Kitab Suci iki iya kudu kayektenan tumraping Aku:Panjenengane bakal kaetang kagolongake para durjana.Amarga apa kang katulis tumrap ing Aku iku lagi kalakon.”

38. Unjuke para sakabat: “Gusti, punika wonten pedhang kalih.” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Wis cukup.”

Ana ing taman Getsemane

22:39-46

39. Gusti Yesus banjur miyos tedhak menyang ing gunung Zaitun kaya adate, kadherekake dening para sakabate uga.

40. Sarawuhe ing kono, para sakabate padha dipangandikani: “Padha nyenyuwuna, supaya aja nganti klebu ing panggodha.”

41. Panjenengane banjur misah dohe kira-kira sapambalang, nuli jengkeng ndedonga, ature:

42. “Dhuh Rama, manawi Paduka marengaken, mugi tuwung punika kapundhuta saking Kawula. Nanging sampun pikajeng Kawula, namung karsa Paduka ingkang kalampahana.”

43. Banjur dikatingali malaekat saka ing langit kang nyantosakake Panjenengane.

44. Panjenengane giris banget lan saya ngepeng anggone ndedonga. Riwene nganti kaya tetesing getih kang padha tumiba ing lemah.

45. Banjur jumeneng saka anggone ndedonga lan tindak murugi para sakabate, ketemu padha turu, marga saka susahe.

46. Nuli padha dipangandikani: “Yagene kowe padha turu? Tangia lan ndedongaa, supaya aja padha klebu ing panggodha.”

Gusti Yesus kacepeng

22:47-53

47. Sajrone isih ngandika, ana wong sagrombolan teka, kairid dening sawijining panunggalane sakabat rolas kang jenenge Yudas, iku banjur mrepeki Gusti Yesus arep nucup.

48. Gusti Yesus banjur ngandika marang dheweke: “Heh, Yudas, anggonmu ngulungake Putraning Manungsa apa sarana nucup?”

49. Kang padha ndherek Gusti Yesus, bareng ngreti apa kang bakal kalakon banjur padha munjuk: “Gusti, punapa kepareng kawula pedhang?”

50. Sawijining panunggalane tumuli medhang abdine Imam Agung, kupinge tengen kaperung.

51. Nanging Gusti Yesus ngandika: “Wis ta, samono bae! Kupinge banjur kaasta kawarasake.

52. Gusti Yesus tumuli ngandika marang para pangareping imam lan para lelurahing jaga-baya Padaleman Suci sarta para pinituwa kang padha teka sumedya nyekel Panjenengane: “Apa Aku iki kokanggep begal, dene anggonmu padha teka sikep gegaman pedhang lan penthung?

53. Mangka saben dina Aku ana ing tengahmu, ana ing Padaleman Suci, kowe ora padha nyekel Aku. Nanging iki wektumu, lan iya iki panguwasane pepeteng iku.”

Petrus nyelaki Gusti Yesus

22:54-62

54. Gusti Yesus banjur dicepeng lan digawa lunga saka ing panggonan kono, diirid menyang ing daleming Imam Agung. Anadene Petrus ngetutake saka ing kadohan.

55. Wong-wong padha gawe bedhiyang ana ing satengahing plataran lan banjur padha linggih ngubengi bedhiyang iku. Petrus iya melu linggih ing kono.

56. Nuli ana parekan weruh Petrus linggih ing ngarepe bedhiyang, banjur ditamatake, tumuli alok: “Wong iku iya tetunggalan karo Dheweke.”

57. Nanging Petrus selak, pangucape: “Boten, kula boten wanuh kalih wong niku!”

58. Ora let suwe ana wong liyane kang weruh dheweke lan banjur calathu: “Samang niku enggih tunggale.” Nanging wangsulane Petrus: “Dede, kula dede.”

59. Lan kira-kira let sajam ana wong liyane maneh kang calathu tanpa ringa-ringa: “Tenan, wong iki iya tunggale Dheweke, sabab iki iya wong Galilea.”

60. Nanging Petrus mangsuli, pangucape: “Dede, kula boten ngreti sing mang kandhakke niku.” Sanalika iku uga, bareng Petrus wis kandha mangkono iku, ana jago kluruk.

61. Gusti Yesus banjur minger mirsani Petrus. Petrus nuli kelingan, yen Gusti wis ngandika marang dheweke: “Sadurunge jago kluruk ing dina iki, kowe wis nyelaki Aku kaping telu.”

62. Petrus nuli metu lan nangis kelara-lara.

Gusti Yesus kaladosake marang ngarsane Pradata Agama

22:63-71

63. Anadene Gusti Yesus dipoyoki dening wong-wong, kang padha nahan Panjenengane, sarta digebugi.

64. Pasuryane ditutupi dening wong-wong lan disuwuni pirsa: “Coba, bedheken sapa kang nggebugi Kowe iku?”

65. Aliya iku isih akeh maneh panguman-umane marang Panjenengane.

66. Bareng esuke para pinituwaning bangsa Yahudi, para pangareping imam lan para ahli Toret padha nganakake parepatan, Gusti Yesus banjur diladekake marang ngarsane pradataning agamane.

67. Nuli didangu: “Manawa Kowe iki Sang Kristus, kandhaa marang aku kabeh.” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Sanadyan Aku kandhaa marang kowe kabeh, kowe bakal padha ora ngandel;

68. lan sanadyan Aku takona apa-apa, kowe kabeh bakal ora mangsuli.

69. Wiwit saiki Putraning Manungsa wis lenggah ana ing satengening Allah Kang Mahakuwasa.”

70. Wong-wong mau banjur padha calathu: “Yen mangkono, Kowe iku Putraning Allah?” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kowe dhewe padha kandha, yen Aku iki Putraning Allah.”

71. Banjur padha calathu: “Apa prelune kita isih padha golek paseksi maneh. Kita wis padha krungu dhewe saka pangucape.”