Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 19 Kitab Sutji (JAV)

Carita bab Zakheus

19:1-10

1. Gusti Yesus banjur lumebet ing kutha Yerikho lan tindak nratas ing kutha kono.

2. Ing kono ana wong aran Zakheus, juru-mupu-beya kang sugih.

3. Iku ngudi bisane ndeleng Gusti Yesus iku kaya apa, nanging ora bisa marga saka cendheke dedege, kaling-kalingan wong akeh.

4. Mulane banjur lumayu ndhisiki wong akeh, nuli menek ing wit anjir supaya bisa ndeleng Gusti Yesus, kang bakal langkung ing kono.

5. Nalika Gusti Yesus rawuh ing panggonan kono, banjur tumenga lan ngandika: “Zakheus, enggal mudhuna, amarga dina iki Aku prelu leren ana ing omahmu.”

6. Zakheus enggal-enggal mudhun lan nampani Gusti Yesus kalawan bungah.

7. Nanging kabeh wong kang weruh padha pating kadumel, pangucape: “Kok karsa lereb ana ing omahe wong dosa.”

8. Nanging Zakheus banjur ngadeg lan munjuk marang Gusti: “Gusti, sabarang gadhahan kawula, sapalih badhe kawula sukakaken dhateng tiyang miskin sarta manawi wonten tiyang ingkang sakinten kawula pendheti punapa-punapanipun kanthi patrap ingkang boten sae, badhe kawula wangsulaken tikel sakawan.”

9. Pangandikane Gusti Yesus: “Ing dina iki omah iki katekan karahayon, amarga wong iki iya tedhake Rama Abraham.

10. Sabab Putraning Manungsa iku rawuhe prelu nggoleki lan mitulungi rahayu marang wong kang katriwal.”

Pasemon bab dhuwit sapuluh mina

19:11-27

11. Gusti Yesus banjur paring pasemon marang wong kang padha ngrungokake pangandikane, sabab tindake wis cedhak kutha Yerusalem sarta panyanane wong-wong mau yen Kratoning Allah bakal enggal kababar.

12. Panjenengane banjur ngandika: “Ana sawijining priyagung tindak menyang ing tanah adoh bakal kajumenengake ratu ana ing kana, nuli kondur.

13. Banjur nimbali abdine sapuluh, padha kapasrahan dhuwit sapuluh mina, pangandikane: Dhuwit iki anggonen dagang nganti tumeka sakondurku.

14. Nanging panjenengane iku disengiti ing wong-wong ing nagarane, mulane tumuli padha nusuli kongkonan, padha dikon munjuk: Kawula sami boten trimah, manawi tiyang punika jumeneng ratu, ngereh kawula sadaya.

15. Kacarita nalika panjenengane kondur, sawise kajumenengake dadi ratu, banjur dhawuh nimbali para abdine, kang padha dipasrahi dhuwit, awit kapengin nguningani bebathene siji-sijine anggone laku dagang.

16. Wong kang kapisan seba lan munjuk: Gusti, kagungan dalem arta samina angsal bathi sadasa mina.

17. Pangandikane Gustine: Apik banget pagaweanira, heh, abdi kang becik. Sarehne sira tumemen ing bab kang sapele, mulane sira sunparengake nguwasani kutha sapuluh.

18. Nuli kang kapindho seba sarta munjuk: Gusti, kagungan dalem arta samina angsal bathi gangsal mina.

19. Pangandikane marang wong iku: Dene sira nguwasanana kutha lima.

20. Abdi kang katelu seba lan munjuk: Gusti, lah punika kagungan dalem arta samina, kawula simpen, kawula bundheli ing kacu.

21. Awit kula ajrih dhumateng panjenengan dalem. Amargi panjenengan dalem punika kereng, karsa mundhut ingkang sanes panjenengan dalem lampahaken, punapa dene ngundhuh ingkang sanes sebaran dalem.

22. Pangandikane marang wong mau: Heh, abdi kang ala, sira bakal sunadili manut ujarira dhewe. Sira wus mangreti, manawa ingsun iki wong kang kereng, kang mundhut kang ora sunlakokake, sarta ngundhuh kang dudu sebaraningsun.

23. Yen mangkono, yagene dhuwitingsun ora sira pasrahake marang wong kang nglakokake dhuwit, supaya sarawuhingsun kenaa sunpundhut dalah saanakane.

24. Banjur ngandika marang wong-wong kang ana ing kono: Jupuken dhuwit samina iku, wenehna marang kang nggawa sapuluh mina.

25. Unjuke wong-wong mau: Gusti, piyambakipun sampun mbekta sadasa mina.

26. Paring wangsulane: Ingsun pitutur marang sira, saben wong kang duwe, iku bakal kaparingan, nanging kang ora duwe, iku bakal kapundhutan, iya dalah kang kaduwe.

27. Nanging kabeh satruningsun iki, kang padha ora seneng manawa ingsun jumeneng dadi ratune, iku padha sira ladekna mrene, padha patenana ana ing ngarsaningsun.”

Gusti Yesus diarak lumebet ing kutha Yerusalem

19:28-44

28. Sawise ngandika mangkono, Gusti Yesus banjur tindak ngrumiyini wong-wong mau, menyang ing kutha Yerusalem.

29. Bareng wis cedhak desa Betfage lan Betania kang dumunung ing gunung kang aran gunung Zaitun, Gusti Yesus nuli ngutus sakabate loro

30. kalawan kaparingan piweling mangkene: “Padha menyanga ing desa ing ngarep kae. Salebumu ing kono, kowe bakal mrangguli belo kuldi cancangan, kang durung tau ditunggangi ing wong. Iku uculana lan gawanen mrene.

31. Lan manawa ana wong kang takon marang kowe: Punapa kok panjenengane uculi, wangsulana mangkene: Gusti ingkang mbetahaken.”

32. Kang kautus banjur padha mangkat lan tinemune kaya sapangandikane Gusti Yesus mau.

33. Nalika lagi padha nguculi kuldi mau, wong kang duwe kuldi padha ngaruh-aruhi: “Sabab punapa kuldinipun kok panjenengan uculi?”

34. Wangsulane utusan: “Gusti ingkang mbetahaken.”

35. Kuldine tumuli dituntun menyang ing ngarsane Gusti Yesus, banjur dilarabi jubahe, Gusti Yesus nuli dilawani anggone nitih belo iku.

36. Sasuwene tindak, para sakabate padha njereng jubahe ana ing dalan kang dilangkungi.

37. Bareng cedhak karo kutha Yerusalem, ana ing dalan kang mudhun saka ing gunung Zaitun, kabeh para siswa kang ndherekake tindake padha wiwit giyak-giyak lan memuji marang Gusti Allah kanthi swara sora marga saka anane mukjijat-mukjijat, kang wis padha dideleng.

38. Mangkene pangucape:“Binerkahana Sang Prabu ingkang rawuh atas asmaning Pangeran, tentrem rahayu wonten ing swarga, saha kamulyan wonten ing luhuring ngaluhur!”

39. Ana wong Farisi sawatara kang awor karo wong akeh, iku matur marang Gusti Yesus: “Guru, para siswa Panjenengan punika kula aturi ndukani.”

40. Paring wangsulane: “Aku pitutur ing kowe: Manawa wong iku padha meneng, watu-watu iki bakal padha nguwuh-uwuh.”

41. Bareng tindake wis saya cedhak lan mirsa kutha iku banjur dimuwuni,

42. pangandikane: “Adhuh, iba becike manawa ing dina iki uga kowe nyumurupi apa kang prelu kanggo tentrem rahayumu! Nanging ing saikine bab iku sinamar tumrap mripatmu.

43. Sabab bakal tumeka wektune, mungsuhmu padha makuwon ing saubengmu, sarta ngepung lan ngrampid kowe saka ing ngendi-endi.

44. Kowe bakal kagempur nganti wrata karo lemah bareng karo anak-anakmu, sarta mungsuhmu ora bakal nglestarekake watu kang siji tumumpang ing watu liyane ing tembokmu, awit kowe ora nyumurupi wayahe anggone Gusti Allah nuweni kowe.”

Gusti Yesus nucekake Padaleman Suci

19:45-48

45. Gusti Yesus banjur lumebet ing Padaleman Suci, wong kang padha dedagangan ana ing kono padha ditundhungi kabeh,

46. padha dipangandikani mangkene: “Ana tulisan: PadalemaningSun iku dalem pamujan, kok kokdadekake susuh begal.”

47. Saben dina Panjenengane memulang ana ing Padaleman Suci. Para pangareping imam lan para ahli Toret apadene para panggedhening bangsa Israel padha ngudi nyirnakake Panjenengane,

48. nanging padha ora ngreti patrape kapriye, amarga kabeh wong padha tansah ngraketi Panjenengane sarta padha kapengin ngrungokake piwulange.