Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 3 Kitab Sutji (JAV)

Nabi Yokanan Pambaptis

3:1-20

1. Nalika Sang Nata Agung Tiberius anggone ngasta paprentahan wis nyandhak limalas taune, kalane Sang Pontius Pilatus jumeneng walinagara ing tanah Yudea, lan Sang Prabu Herodhes jumeneng ratu-wilayah tanah Galilea, Sang Prabu Filipus sadhereke jumeneng ratu-wilayah Iturea lan Trakhonitis, sarta Sang Prabu Lisanias jumeneng ratu wilayah Abilene,

2. ing kalane Sang Hanas lan Sang Kayafas jumeneng Imam Agung, Gusti Allah paring pangandika marang Nabi Yokanan; putrane Imam Zakharia, ana ing ara-ara-samun.

3. Nabi Yokanan banjur ndlajahi imbange bengawan Yarden kabeh sarta nguwuh-uwuh: “Padha mratobata, lan pasrahna awakmu supaya dibaptis, Gusti Allah bakal ngapura dosamu kabeh.”

4. Iki cocok karo kang tinulis ing kitab pamedharwangsite Nabi Yesaya:“Ana swaraning wong kang nguwuh-uwuh ana ing ara-ara-samun.Padha nyawisna margining Pangeran, lencengna lurung-lurunge!

5. Saben jurang bakal kaurugan, lan saben gunung lan punthuk bakal karata; kang menggak-menggok bakal kalencengake,kang mendhak-mandhukul bakal karata,

6. apadene sakabehing daging bakal weruh karahayon kang saka ing Pangeran.”

7. Nabi Yokanan banjur ngandika marang wong akeh kang padha teka nyuwun baptis: “Heh, tetesaning ula bedhudhak, sapa kang akon kowe nyingkiri bebendu kang bakal tumempuh?

8. Mulane padha metokna woh kang sembada tumrap pamratobat. Lan aja padha nduweni pangrasa: Rama Abraham iku rama kita! Awit aku pitutur marang kowe: Gusti Allah kuwaos karya trahing Rama Abraham saka watu-watu iki!

9. Wadunge wis cumepak ana ing poking wit, lan saben wit kang ora metokake woh kang becik, bakal ditegor sarta dicemplungake ing geni.”

10. Wong akeh mau banjur padha matur pitakon: “Manawi makaten, punapa ingkang kedah sami kula tindakaken?”

11. Paring wangsulane: “Sapa kang duwe klambi loro, wong kang ora duwe wenahana siji, lan sing sapa duwe pangan, iya tumindaka mangkono.”

12. Ana juru-mupu-beya kang uga padha teka arep nyuwun baptis, iku padha matur pitakon: “Guru, kula kedah sami nglampahi punapa?”

13. Paring wangsulane: “Aja padha mupu ngluwihi kang wis katamtokake tumrap kowe!”

14. Para prajurit uga matur pitakon: “Lah kula, punapa ingkang kedah sami kula lampahi?” Paring wangsulane Nabi Yokanan: “Aja ngrampas lan aja memeres, nrimaa ing blanjamu dhewe.”

15. Nanging sarehne wong akeh padha nganti-anti lan padha nggagas, apa baya iki Sang Kristus,

16. Nabi Yokanan banjur paring wangsulan, pangandikane: “Aku iki mbaptisi kowe nganggo banyu, nanging Panjenengane kang panguwasane ngungkuli aku, iku bakal rawuh lan sanadyan mung nguculi ageme trumpah bae, aku ora patut. Iku bakal mbaptisi kowe kalawan Roh Suci lan geni.

17. Panjenengane wis ngasta tampah kaagem ngresiki panutone nganti resik babar pisan sarta kaagem nglumpukake gandume ing lumbunge, nanging mrambute bakal diobong ing geni kang ora kena sinirep.”

18. Aliya saka iku isih akeh piwulange kang diparingake sajrone nggelarake Injil marang wong akeh.

19. Ananging bareng panjenengane melehake Sang Nata-wilayah Hero0dhes, bab lelakone karo Sang Putri Herodhias, garwane sadhereke, tuwin bab anggone nindakake sakabehing piala liya-liyane,

20. Sang Prabu saya wewah durakane, yaiku anggone banjur ngunjara Nabi Yokanan.

Gusti Yesus kabaptis

3:21-22

21. Kacarita, nalika wong akeh iku wis padha kabaptis lan Gusti Yesus uga dibaptis sarta lagi ndedonga, langit tumuli piyak,

22. banjur katedhakan ing Roh Suci apindha manuk dara. Nuli ana swara kang kaprungu saka ing langit mangkene: “Sira iku PutraningSun kang Sunkasihi, kang dadi keparenging panggalihingSun.”

Sarasilahe Gusti Yesus

3:23-38

23. Nalika Gusti Yesus wiwit makarya iku kurang luwih yuswa telung puluh taun lan manut pangirane wong-wong, Panjenengane iku putrane Rama Yusuf, tedhake Eli,

24. tedhake Matat, tedhake Lewi, tedhake Malkhi, tedhake Yanai, tedhake Yusuf,

25. tedhake Matica, tedhake Amos, tedhake Nahum, tedhake Hesli, tedhake Nagai,

26. tedhake Maat, tedhake Matica, tedhake Simei, tedhake Yosekh, tedhake Simei, tedhake Yoda,

27. tedhake Yohanan, tedhake Resa, tedhake Zerubabel, tedhake Sealtiel, tedhake Neri,

28. tedhake Malkhi, tedhake Adi, tedhake Kosam, tedhake Elmadam, tedhake Er,

29. tedhake Yesua, tedhake Eliezer, tedhake Yorim, tedhake Matat, tedhake Lewi,

30. tedhake Simeon, tedhake Yehuda, tedhake Yusuf, tedhake Yonam, tedhake Elyakim,

31. tedhake Melea, tedhake Mina, tedhake Matata, tedhake Natan, tedhake Sang Prabu Dawud,

32. tedhake Isai, tedhake Obed, tedhake Boas, tedhake Salmon, tedhake Nahason,

33. tedhake Aminadab, tedhake Admin, tedhake Arni, tedhake Hezron, tedhake Peres, tedhake Yehuda,

34. tedhake Yakub, tedhake Iskak, tedhake Rama Abraham, tedhake Terah, tedhake Nahor,

35. tedhake Serug, tedhake Rehu, tedhake Peleg, tedhake Eber, tedhake Salmon,

36. tedhake Kenan, tedhake Arpakhsad, tedhake Sem, tedhake Nuh, tedhake Lamekh,

37. tedhake Metusalah, tedhake Henokh, tedhake Yared, tedhake Mahaleel, tedhake Kenan,

38. tedhake Enos, tedhake Set, tedhake Rama Adam, Putraning Allah.