Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 4 Kitab Sutji (JAV)

Gusti Yesus kagodha dening Iblis

4:1-13

1. Gusti Yesus, kang penuh ing Roh Suci, wangsul saka bengawan Yarden, banjur kapurugake dening Roh Suci menyang ing ara-arasamun.

2. Ana ing kono lawase patang puluh dina lan banjur kagodha dening Iblis. Sajrone ana ig kono iku Panjenengane ora dhahar apa-apa sarta sawise iku kraos kerapan.

3. Iblis nuli matur marang Gusti Yesus: “Manawi Panjenengan Putraning Allah, sumangga sela punika kadhawuhana dados roti.”

4. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Ana tulisan mangkene: Uripe manungsa iku ora mung saka roti bae.”

5. Iblis tumuli nambut Gusti Yesus munggah ing ppan kang dhuwur sarta banjur nedahake krajan ing jagad marang Panjenengane ing sakedhap netra.

6. Iblis nuli matur: “Panjenengan badhe kula caosi panguwaos punika sadaya dalah kamulyanipun, awit punika sadaya sampun dipun pasrahaken dhateng kula saha kula saged nyukakaken dhateng sinten ingkang kula kajengaken.

7. Milanipun manawi Panjenengan nyembah dhateng kula, sadaya punika badhe dados kagungan Panjenengan.”

8. Nanging Gusti Yesus mangsuli pangandikane: “Ana tulisan mangkene: Pangeran Allahira, iku kang kudu sira sembah, sarta iya mung Panjenengane iku kang kudu sira abekteni!”

9. Sawise iku Iblis tumuli nambut Gusti Yesus menyang ing kutha Yerusalem lan kajumenengake ing wuwunganing Padaleman Suci, banjur matur: “Manawi Panjenengan Putraning Allah, sumangga kula aturi anjlog saking ngriki mangandhap,

10. awit wonten seratan makaten: Tumraping Sira, Panjenengane bakal dhawuh marang para malaekate supaya rumeksa marang Sira

11. lan iku bakal padha nadhahi Sira ana ing tangane, supaya sikilira aja nganti kesandhung ing watu.”

12. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Ana pangandika mangkene: Sira aja nyoba marang Pangeran Allahira!”

13. Iblis sawise rampung panggodhane banjur mundur saka ing ngarsane, sumedya angon mangsa.

Gusti Yesus kondur menyang ing tanah Galilea

4:14-15

14. Gusti Yesus banjur kondur menyang ing tanah Galilea kalawan ngagem panguwasaning Roh. Anadene pawarta bab Panjenengane iku tumuli sumebar ana ing jajahan kono kabeh.

15. Nalika samana Panjenengane memulang ana ing papan-papan pangibadah ing kono sarta wong akeh padha ngalembana.

Gusti Yesus ana ing kutha Nasaret katampik

4:16-30

16. Gusti Yesus nuli rawuh ing kutha Nasaret, panggonane nalika kagulawenthah, lan kaya adate bareng dina Sabat banjur rawuh ing papan pangibadah sarta jumeneng arep maos Kitab Suci.

17. Nuli dicaosi kitabe Nabi Yesaya. Bareng kabukak, manggih nas kang surasane mangkene:

18. “Rohe Pangeran ngayomi Ingsun awit Panjenengane wis njebadi Ingsun, kadhawahan martakake kabar becik marang wong-wong miskin;lan Panjenengane wis ngutus marang Ingsun

19. martakake luware para wong kang kinunjara,sarta pulihe pandelenge wong wuta,ngluwari wong-wong kang katindhes,ngundhangake taun kang dadi keparenge Pangeran.”

20. Sawise mangkono kitab banjur kagulung kaparingake maneh marang kang kawajiban, nuli lenggah. Kabeh wong kang ana ing papan pangibadah padha mandeng marang Panjenengane.

21. Gusti Yesus banjur paring piwulang, pangandikane: “Ing dina iki pangandika iki wis kayektenan, sajrone kowe padha ngrungokake.”

22. Kabeh wong padha nganggep bener marang Panjenengane apadene padha kaeraman marang aruming pitembungan kang dipangandikakake, banjur padha cluluk mangkene: “Apa Iku dudu anake Yusuf?”

23. Gusti Yesus tumuli ngandika: “Kowe mesthi bakal ngucapake paribasan marang Aku mangkene: Heh, dhukun, warasna awakmu dhewe. Kabeh kang padha dakrungu bab kang wis kalakon ana ing kutha Kapernaum, iku tindakna uga ana ing kene, ana ing tanah asalmu kene.”

24. Lan pangandikane maneh: “Aku pitutur marang kowe, sanyatane ora ana nabi kang kajen ana ing tanah asale.

25. Sarta Aku kandha marang kowe, lan kandhaKu iki bener: Dhek jamane Nabi Elia, nalika langit mineb lawase telung taun nem sasi, kang njalari anane pailan kang nggegirisi ana ing satanah kabeh, sanadyan ing Israel akeh randhane,

26. ewasamono Nabi Elia ora diutus menyang ing salah sawijining randha-randha mau, nanging menyang ing omahe wong wadon randha ing kutha Sarfat, ing tanah Sidon.

27. Apadene nalika jamane Nabi Elisa ing tanah Israel akeh wong kang budhugen, nanging siji bae ora ana kang kabirat najise, kajaba Naaman, wong Siria.”

28. Kabeh wong kang ana ing papan pangibadah kono padha nepsu banget, krungu kang mangkono iku.

29. Banjur padha ngadeg, Gusti Yesus dilarak menyang ing sajabaning kutha, terus didhabyang menyang ing pinggiring gunung, kang didegi kutha mau, arep dijorogake saka ing kono.

30. Nanging Panjenengane banjur tindak nratas ing tengahe wong-wong mau, nuli jengkar saka ing kono.

Gusti Yesus ana ing papan pangibadah ing kutha Kapernaum

4:31-37

31. Gusti Yesus banjur rawuh ing kutha Kapernaum, sawijining kutha ing tanah Galilea, tumuli memulang ana ing kono ing saben dina Sabat.

32. Wong-wong padha kaeraman krungu piwulange, amarga pangandikane kanthi panguwasa.

33. Ing papan pangibadah kono ana wong kang kapanjingan dhemit, iku nguwuh kanthi swara seru:

34. “Dhuh, Gusti Yesus saking Nasaret, Paduka tumut-tumut punapa dhateng kawula? Punapa rawuh Paduka badhe ngrisak kawula? Kawula mangretos, Paduka punika sinten, inggih punika Sang Suci kagunganipun Gusti Allah.”

35. Nanging banjur didukani dening Gusti Yesus, pangandikane: “Menenga! Metua saka wong iku!” Wonge banjur kalarak dening dhemit mau, kabanting ing satengahing wong akeh; dhemite nuli metu lan babar pisan ora njalari larane wong mau.

36. Kabeh wong padha eram, banjur padha rasanan: “Tembunge kok ngedab-edabi banget! Kalawan wibawa lan panguwasa anggone ndawuhi para dhemit, temah padha metu.”

37. Pawarta bab Panjenengane iku banjur sumebar tekan ing ngendi-endi ing tanah kono.

Gusti Yesus nyarasake ibune maratuwa Petrus lan wong liya-liyane

4:38-41

38. Sawise iku Gusti Yesus jengkar saka ing papan pangibadah kono lan tindak menyang ing omahe Simon. Nalika iku ibune maratuwa Simon lagi lara panastis banget, banjur disuwunake pitulungan marang Panjenengane.

39. Gusti Yesus nuli jumeneng ing sandhinge, lelarane didukani, wasana sing lara banjur mari, nuli tangi lan ngladeni para tamune.

40. Bareng wis surup, wong-wong padha nyowanake sanak sadulure kang lara warna-warna. Iku genti-genti padha ditumpangi astane, temah padha mari.

41. Iya akeh wong kang dhemite metu kalawan nguwuh seru: “Paduka punika Putranipun Allah.” Nanging banjur didukani, ora diparengake calathu mangkono, awit padha sumurup, yen Panjenengane iku Sang Kristus.

Gusti Yesus memulang ana ing kutha-kutha liyane

4:42-44

42. Bareng wis esuk Gusti Yesus miyos lan banjur tindak menyang ing panggonan kang sepi. Nanging wong akeh padha nggoleki lan iya ketemu. Kabeh padha nggondheli Gusti Yesus, supaya aja padha ditilar.

43. Nanging padha dipangandikani: “Injile Kratoning Allah iku iya kudu Dakwartak-wartakake menyang ing kutha-kutha liyane uga, sabab iya iku prelune anggonKu kautus.”

44. Panjenengane banjur memulang ana ing papan-papan pangibadah ing tanah Yudea.