Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
  10. 10
  11. 11
  12. 12
  13. 13
  14. 14
  15. 15
  16. 16
  17. 17
  18. 18
  19. 19
  20. 20
  21. 21
  22. 22
  23. 23
  24. 24

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Lukas 20 Kitab Sutji (JAV)

Pitakonan bab panguwasane Gusti Yesus

20:1-8

1. Ing sawijining dina nalika Gusti Yesus pinuju memulang marang wong akeh ana ing Padaleman Suci sarta martakake Injil, para pangareping imam, para ahli Toret lan para pinituwa padha sowan ing ngarsane

2. tuwin munjuk marang Gusti Yesus: “Kula sami kapangandikanana, menggah anggen Panjenengan nindakaken samukawis sadaya punika kanthi panguwaos ingkang pundi, saha sinten ingkang maringi panguwaos punika dhateng Panjenengan?”

3. Paring wangsulane Gusti Yesus: “Aku iya arep takon saprakara marang kowe. Aku kandhanana:

4. Pambaptise Nabi Yokanan iku saka swarga apa saka manungsa?”

5. Wong-wong mau banjur padha rembugan, ujare: “Manawa aku padha kandha: Saka ing swarga, Dheweke mesthi calathu: Yagene kowe padha ora nganggep?

6. Nanging yen aku padha kandha: Saka manungsa, wong-wong mesthi bakal padha mbenturi watu marang kita, amarga padha yakin, yen Yokanan iku nabi.”

7. Nuli padha matur, yen padha ora ngreti saka ngendi baptisane iku.

8. Gusti Yesus banjur ngandika: “Yen mangkono Aku iya ora gelem kandha marang kowe, kalawan panguwasa sing endi anggonKu nglakoni samubarang kabeh iku.”

Pasemon bab wong tani kang padha nggarap pakebonan anggur

20:9-19

9. Gusti Yesus banjur paring pasemon mangkene marang wong akeh: “Ana wong gawe pakebonan anggur, nuli disewakake marang wong-wong tani, banjur lelungan menyang ing tanah ngamanca nganti sawatara lawase.

10. Bareng wis tumeka ing mangsane, tumuli kongkonan batur siji nemoni wong-wong mau, padha dikon ngladekake pandumaning pametune pakebonan. Nanging batur iku banjur digebugi dening wong-wong tani mau, lan dikon bali nglenthung.

11. Sawise mangkono dheweke kongkonan batur liyane, nanging iku iya digebugi lan diwirang-wirangake dening para wong tani mau lan dikon bali nglenthung.

12. Sabanjure nuli kongkonan maneh kang kaping telune, nanging iku iya ditatoni dening wong-wong mau sarta tumuli diuncalake menyang ing sajabaning kebon.

13. Kang duwe pakebonan banjur calathu mangkene: Apa saiki sing kudu daktindakake? Dakkongkonan anakku kang kekasih, mesthi bakal dieringi.

14. Nanging bareng wong-wong tani iku weruh anake mau, banjur padha rembugan: Iku ahli-warise, ayo dipateni bae, supaya warisane dadi duwekku kabeh.

15. Anake mau banjur diuncalake menyang ing sajabaning pakebonan anggur sarta banjur dipateni. Saiki apa kang bakal dilakoni dening kang duwe pakebonan anggur iku tumrap wong-wong mau?

16. Dheweke bakal teka lan nyirnakake wong-wong tani mau sarta kebone anggur banjur disewakake marang wong-wong liyane.” Krungu kang mangkono iku wong-wong mau banjur kandha: “Aja pisan-pisan nganti kalakon iku!”

17. Nanging Gusti Yesus tumuli mandeng marang wong-wong iku lan ngandika: “Manawa mangkono apa tegese nas iki:Watu kang tinampik dening para juru gawe omah,iya iku kang wis dadi watu ing pojok.

18. Sing sapa tiba ing watu iku, bakal ajur mumur, lan sing sapa ketiban, bakal remuk.”

19. Para ahli Toret lan para pangareping imam banjur padha ngudi nyepeng Panjenengane nalika iku uga, amarga padha ngreti, yen dheweke kabeh kang dikarsakake ana ing pasemon iku, nanging padha wedi marang wong akeh.

Bab ngaturake pajeg marang Sang Nata Agung

20:20-26

20. Marga saka iku padha tansah mindeng marang Gusti Yesus. Banjur nglakokake telik kang sangadi mursid, supaya padha nyengkolong Panjenengane sarana pitakonan temah bisa ngladekake Panjenengane marang wewenang lan panguwasane wali-nagara.

21. Wong-wong mau padha ngaturake pitakonan marang Panjenengane mangkene: “Guru, kula sami mangretos, bilih sadaya pangandika tuwin piwulang Panjenengan punika leres sarta bilih Panjenengan boten pados pangalembana, nanging kalayan temen-temen mulangaken margining Allah.

22. Kula sami ngaturaken paos dhateng Sang Nata Agung punika kenging punapa boten?”

23. Nanging Gusti Yesus ora kakilapan marang kaculikane wong-wong mau, mulane banjur ngandika:

24. “Aku tuduhana dhuwit dinar. Iki gambare sapa lan iki tulisane sapa?” Atur wangsulane kang kadangu: “Gambaripun lan seratanipun Sang Nata Agung.”

25. Gusti Yesus nuli ngandika: “Yen mangkono, Sang Nata Agung caosana kang wajib kokcaosake marang Sang Nata Agung, lan marang Gusti Allah kang wajib kacaosake marang Gusti Allah.”

26. Dadine Gusti Yesus ora kena dicengkolong ana ing ngarepe wong akeh. Wong-wong mau padha kaeraman krungu paring wangsulane iku lan banjur padha meneng.

Pitakone wong Saduki bab tangine wong mati

20:27-40

27. Nuli ana wong Saduki sawatara, yaiku kang ora ngakoni anane patangen, padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus lan matur pitakon marang Panjenengane:

28. “Guru, Nabi Musa paring dhawuh dhateng kula sadaya makaten: Manawa ana wong kang duwe sadulur lanang, tinggal donya, mangka bojone isih urip, nanging ora tinggal anak, sadulure mau wajib ngrabeni bojone iku, supaya bisa nukulake turun kanggo sing tinggal donya mau.

29. Kalampahan wonten sadherek jaler pitu, ingkang angka satunggal emah-emah, wusana lajeng tilar donya boten tilar anak.

30. Tiyang estri wau lajeng kaningkah dening ingkang angka kalih,

31. lajeng kaningkah dening ingkang angka tiga, tuwin makaten salajengipun, urut-urutan karabi dening sadherek pitu wau, nanging sadaya sami ngajal boten tilar anak.

32. Wekasanipun tiyang estri punika inggih tilar donya.

33. Lah sapunika kadospundi tiyang estri punika, benjing dinten patangen, lajeng sinten ingkang dados semahipun, amargi pitu-pitunipun sami nate dados semahipun?”

34. Gusti Yesus nuli paring wangsulan, pangandikane: “Wong-wong ing donya iki, padha omah-omah lan diomah-omahake,

35. nanging wong-wong kang padha kaanggep pantes tampa panduman ana ing jagad liyane iku, lan ana ing patangen saka ing antarane wong mati, iku bakal ora omah-omah lan ora diomah-omahake.

36. Sabab padha ora bisa mati maneh; kaanane kaya para malaekat sarta padha dadi putraning Allah, awit wis padha katangekake.

37. Anadene mungguh tangine wong mati iku, Nabi Musa iya wis mratelakake ana ing sajroning carita bab grumbul eri, anggone nyebut Pangeran: Allahe Abraham, Allahe Iskak, tuwin Allahe Yakub.

38. Panjenengane iku dudu Allahe wong mati, nanging Allahe wong urip, awit kang ana ing ngarsane kabeh iku wong urip.”

39. Krungu pangandika kang mangkono iku banjur ana ahli Toret sawatara matur: “Guru, paring wangsulan Panjenengan punika kasinggihan sanget.”

40. Awit wong-wong mau wis padha ora wani matur pitakon apa-apa maneh marang Gusti Yesus.

Gegayutane Gusti Yesus karo Sang Prabu Dawud

20:41-44

41. Gusti Yesus banjur ndangu marang wong-wong mau: “Kapriye dene wong kok bisa ngarani Sang Kristus iku tedhake Sang Prabu Dawud,

42. mangka Sang Prabu Dawud piyambak ana ing Kitab Masmur ngandika mangkene:Dhawuhe Pangeran marang Gustiku:Sira lenggaha ana ing tengeningSun,

43. nganti tumeka mungsuhira wis padha Ingsun dadekake ancik-anciking talapakanira.

44. Dadi Sang Prabu Dawud nyebut Panjenengane Gusti, kapriye dene uga dadi tedhake?”

Gusti Yesus paring pitedah, supaya padha ngawekani para ahli toret

20:45-47

45. Nalika wong kabeh padha ngrungokake, Gusti Yesus banjur ngandika marang para sakabate:

46. “Padha ngawekanana para ahli Toret, kang padha seneng mlaku-mlaku nganggo jubah landhung lan seneng tampa pakurmatan ana ing pasar sarta seneng linggih ing ngarep dhewe ana ing papan pangibadah lan ing papan kang ingajenan ana ing pahargyan,

47. kang padha mangan omahe randha-randha nganti entek, sarta kang nasarake wong kalawan donga kang dawa-dawa. Wong iku mesthi bakal tampa paukuman kang luwih abot.”