Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yusak 2:3-10 Kitab Sutji (JAV)

3. Ratu ing Yerikho banjur utusan menyang ing omahe Rakhab, dhawuhe: “Wong-wong kang padha nekani sira lan padha teka ing omahira iku padha ladekna mrene, amarga tekane arep nelik negara kene kabeh.”

4. Nanging wong wadon mau wus nggawa wong loro mau, kang banjur didhelikake. Ature: “Pancen wonten tiyang jaler ndhatengi kula, nanging kula boten mangertos saking pundi pinangkanipun;

5. lan sareng wancinipun gapuranipun badhe kakancing saha sampun peteng, tiyang-tiyang wau sami kesah; kula boten sumerep dhateng pundi purugipun; kula aturi ngoyak, mesthi badhe ketututan.”

6. Nanging satemene wong mau padha dikon munggah ing payon lan diumpetake ing ngisore tumpukan rami, kang didekek ing payon kono.

7. Para utusan banjur ngoyak wong mau ana ing dalan kang anjog ing bengawan Yarden, nganti tumeka ing pasabrangan, lan sawuse wong kang ngoyak padha metu, gapurane nuli kakancing.

8. Sadurunge wong loro iku padha turu Rakhab munggah marani wong-wong mau menyang ing payon,

9. sarta kandha: “Kula sumerep, bilih Sang Yehuwah sampun maringaken tanah punika dhateng panjenengan, sarta kula sami kataman giris margi saking panjenengan, punapa dene sakathahing tiyang pribumi ing ngriki sami gumeter wonten ing ngarsa panjenengan,

10. amargi kula sampun sami mireng wartos bab anggenipun Sang Yehuwah ngasataken toyanipun seganten Teberau wonten ing ngarsa panjenengan, nalika panjenengan tindak medal saking tanah Mesir, punapa dene pandamel panjenengan dhateng ratunipun bangsa Amori kekalih ingkang wonten ing sabrangipun benawi Yarden, inggih punika Prabu Sihon lan Prabu Og, ingkang sampun panjenengan tumpes.

maca bab lengkap Yusak 2