Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yoel 2:10-22 Kitab Sutji (JAV)

10. Bumi gumeter ana ing ngarepe,langit gonjang-ganjing,srengenge lan rembulan padha dadi peteng,sarta lintang-lintang ilang cahyane.

11. Pangeran Yehuwah nuli ngedalake swarane,ana ing ngarepe wadya-balane,mangka wadya-balane iku luwih dening akeh,sarta kang nindakake sabdane iku santosasabab ngedab-edabi dinane Sang Yehuwah ikusarta nggegirisi banget,sapa kang bisa mbetahake?

12. Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene:“Nanging saiki uga, padha mratobatamarang Ingsun kalawan gumolonging atinira,kalawan puwasa, lan nangis sarta sambat-sambat.”

13. Atimu suweken, aja sandhanganmu,sarta mratobata marang Pangeran Yehuwah Allahmu,dene Panjenengane iku asipat asih lan welasan,gedhe sabare lan luber kamirahane,Panjenengane piduwung ing bab paukuman kang karancang.

14. Sapa kang ngreti, bokmanawa karsa mengker lan piduwung,sarta nilari berkah,kagawe kurban dhaharan lan kurban unjukansumaos marang Pangeran Yehuwah, Allahmu.

15. Padha ngunekna kalasangka ana ing Sion,nganakna puwasa kang suci,ngundhangna parepatan agung.

16. Bangsa iki klumpukna,pasamuwane sucekna,nglumpukna para pinutuwa,dalah para bocah pasuson pisan,panganten lanang supaya metu saka ing kamare,lan panganten wadon saka ing kamar paturone.

17. Para imam, para abdine Sang Yehuwah,padha nangisa ana ing antarane pandhapa lan misbyah,sarta munjuka: “Dhuh Yehuwah, mugi karsaa paring piwelas dhateng umat Paduka,bangsa kagungan Paduka piyambak sampun ngantos kategakaken kawewada,temah dipun poyoki dening para bangsa.Punapaa ngantos wonten ujaripun tiyang ing antawisipun para bangsa:Gusti Allahe wong iku ana ing ngendi?”

18. Pangeran Yehuwah dadi benter ing panggalih marga saka tanahe,sarta welas-asih marang umate.

19. Pangeran Yehuwah banjur paring wangsulanlan ngandika marang umate:“Lah, sira bakal Sunkintunigandum, anggur lan lenga,lan sira bakal mangan nganti wareg.Ingsun ora bakal ndadekake sira dadi cacadan manehana ing antarane bangsa-bangsa.

20. Kang teka saka ing lor bakal Sunedohake saka ing sira,lan bakal Sunbucal menyang nagara kang mati lan garing,pucuking pabarisane Suncemplungake ing sagara wetan,lan pethiting pabarisane ing sagara kulon,nuli mumbul ambune kang bacin lan gandane kang banger,awitdene wus nglakoni prakara kang gedhe,

21. He tanah, aja wedi,surak-suraka lan bungah-bungaha,sabab Pangeran Yehuwah uga wus nindakake prakara kang gedhe!

22. He, sato-kewan ing ara-ara, aja padha wedidene pangonan ing ara-ara padha ijo riyo-riyo,wit-witan padha metu wohe,wit anjir lan wit anggur padha menehake kasugihane.

maca bab lengkap Yoel 2