Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yoel 1:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Iki pangandikane Pangeran Yehuwah kang kadhawuhake marang Nabi Yoel bin Petuel.

2. He, para tuwa-tuwa, padha ngrungokna,he, para wong isine nagara, padha nilingna!Sajegmu urip utawa ing jamane para leluhurmuapa tau ana lelakon kang kaya mangkene iki?

3. Anak-anakmu padha critanana lelakon iku,nuli anak-anakmu genten konen nyritakake marang anak-anake,lan putumu iya nyritanana marang turune

4. Sisane walang kang ngrikiti kapangan dening walang alihan,lan sisane walang alihan kapangan dening walang mlumpat,sarta sisane walang mlumpat kapangan dening walang kethaha.

5. He, para wong mendem, tangia lan nangisa!He, para wong kang karem anggur, marga saka anggur anyar, padha ngadhuh-adhuha,amarga anggur iku wus dirampas saka ing cangkemmu.

6. Dene ana bangsa kang nglurugi nagaraku,bangsa kang kuwat lan tanpa wilangan cacahe,untune kaya untu singa,lan siyunge kaya siyung singa wadon.

7. Witku anggur padha karusak,lan witku anjir padha dikethoki,dikletheki lan dirubuhake,sarta pang-pange padha dadi putih.

8. Ngadhuh-adhuha kayadene prawan kang manganggo bagor,marga saka pacangane, kekasihe nalika isih enom.

9. Kurban dhaharan lan kurban unjukan wus ilangsaka ing padalemane Sang Yehuwah;para abdine Pangeran Yehuwah,yaiku para imam, padha susah.

10. Pategalan wus rusak,bumi ngenes,awit gandume wus sirnaanggure wus garing,lengane wus nipis.

11. Para wong tani padha kisinan,para tukang kebon anggur padha ngadhuh-adhuh,marga saka gandum lan sair,awitdene panenaning pategalan wus lebur kabeh.

12. Wite anggur wus garinglan wite anjir wus alum,mangkono uga wite delima,wite kurma lan wite apel,sarupane wit ing ara-ara wus padha garing.Sanyata, kabungahan sirnaoncat saka para anaking manungsa.

maca bab lengkap Yoel 1