Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 48:12-22 Kitab Sutji (JAV)

12. “Rungokna Ingsun, he Yakub,lan sira Israel kang Suntimbali!Ingsun iki tetep ora owah-owah, Ingsun iki kang kawitan,lan uga Ingsun kang wekasan!

13. AstaningSun kang uga nalesi bumi,tuwin astaningSun tengen kang njereng langit.Nalika Ingsun nyebut jenenge,banjur padha muncul jumedhul kabeh.

14. Sira padha nglumpuka kabeh lan ngrungokna!Sapa panunggalane kang mratelakake iki kabeh?Wong kang kinasihan dening Pangeran Yehuwahbakal nindakake karsaning Yehuwah tumrap Babillan ngatonake kakiyataning astane Sang Yehuwah marang wong Kasdim.

15. Ingsun, iya Ingsun kang ngandika mangkono tuwin kang nimbali uga,Ingsun kang nekakake wong iku lan sakehing tumindake bakal kasembadan.

16. Padha nyedhaka ing ngarsaningSun, iki rungokna:Wiwit biyen Ingsun ora tau ngandika kalawan sidhemanlan sajrone bab iku kelakon, Ingsun ana ing kono.”Tuwin saiki Gusti Allahngutus aku kalawan Rohe.

17. Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Juru Panebusmu,Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel:“Iya Ingsun iki Yehuwah, Allahira,kang mulang marang sira bab apa kang maedahi,kang nuntun sira ana ing dalan kang kudu sira liwati.

18. Manawa sira nggatekake marang dhawuh-dhawuhingSun,tentrem rahayunira bakal kaya kali kang ora tau asat,lan kabegjanira bakal terus luber kaya ombaking sagara kang ora tau leren.

19. Turunira bakal kaya wedhituwin anak-putunira kehe kaya laslasane;jenenge ora bakal kasirnakakeutawa kasingkirake saka ing ngarsaningSun.”

20. Padha metua saka ing Babil, padha lumayua saka ing Kasdim!Bab iki wartakna lan kabarna kalawan swaraning surak-surak!Iku giyarna nganti tekan ing poncoting bumi!Pratelakna: “Pangerna Yehuwah wus nebus Yakub abdine!”

21. Wong iku padha ora kasatan,nalika katuntun dening Panjenengane ngliwati ara-ara samun;Panjenengane ngwedalake banyu saka ing gunung parang.Gununge parang kebengkah banjur metu banyune.

22. “Para wong duraka padha ora kadunungan tentrem rahayu!”mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.

maca bab lengkap Yesaya 48