Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yesaya 48:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Rungokna pangandika iki, he para turune Yakub,kang ngarani awakira dhewe nganggo jeneng Israellan kang padha dadi turune Yehuda,kang sumpah demi asmane Pengeran Yehuwahtuwin ngandhemi Gusti Allahe Israel-- nanging ora kalawan temenan lan tulusing ati --

2. malah kang padha nyebut awakira dhewe manut kutha sucilan sumendhe marang Gusti Allahe Israel,Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah asmane;

3. pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Lelakon-lelakon kang wus kapungkur wus Sunwartakake wiwit ing jaman kuna,iku wus Sunngandikakake lan wus Sunpratelakake.Sawuse mangkono iku banjur dadakan Suntindakakeuga sarta iku kabeh wus padha kelakon.

4. Awit saka iku Ingsun sumurup, manawa sira iku wangkal,wangkot lan nggugu karepira dhewe,

5. mulane Ingsun martakake bab iku wiwit ing kuna mula;sadurunge iku kelakon, wus Sunpangandikakake marang sira,supaya sira aja celathu: Brahalaku kang nindakake iku,recaku tatahan lan recaku cithakan kang ndhawuhake iku.

6. Sira wus krungu bab iku kabeh lan saiki sira ndelenga;apa sira ora padha gelem ngakoni dhewe?Ingsun paring pawarta bab prakara-prakara kang anyar wiwit saiki,tuwin bab-bab kang sumimpen kang durung sira sumurupi.

7. Lagi saiki bab-bab iku anggone kaanakake ora dhek biyen;sadurunge sira ora krungu bab iku,iku supaya sira aja celathu: Aku pancen wus sumurup kok!

8. Sira ora krungu utawa sumurup,uga kupingira ora kawengakake wiwit biyen mula;nanging Ingsun wus nguningani, manawa sira tumindak kiyanat kang nistha banget,lan wong ngarani sira: wong kang mbalela wiwit ana ing sajrone guwa-garba.

9. Marga saka asmaningSun Ingsun ngampet dukaningSunlan marga saka misuwuringSun,Ingsun paring palimirma marang sira, satemah sira ora Sunsirnakake.

10. Lah sira wus Sundadekake murni, nanging ora kaya salaka,nanging sira wus Sunuji ana ing pawoning kasangsaran.

11. AnggoningSun bakal nindakake iku marga saka Ingsun, iya marga saka Ingsun piyambak,amarga asmaningSun kok arep kanajisake!Ingsun ora bakal maringake kamulyaningSun marang liyane!”

maca bab lengkap Yesaya 48