Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Yeremia 24:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Delengen, Sang Yehuwah nedahake kranjang loro isi woh anjir, ana ing ngarepe padalemane Sang Yehuwah. Kalakone prakara iku sawuse Sang Prabu Nebukadnezar, ratu ing Babil ngangkut Sang Prabu Yekhonya bin Yoyakim, ratu ing Yehuda dalah para panggedhene Yehuda, para tukang lan pandhe saka ing Yerusalem, digawa menyang ing pambuwangan ing tanah Babil.

2. Kranjang kang siji isi woh anjir kang becik banget, empere kaya woh anjir kang mateng kawitan; kranjang sijine isi woh anjir kang elek banget, nganti ora kena dipangan marga saka eleke.

3. Aku banjur dipangandikani dening Sang Yehuwah: “He Yeremia, apa kang sira deleng?” Unjuk wangsulanku: “Kawula ningali woh anjir! Ingkang sae punika sanget saenipun, saha woh anjir ingkang awon ingkang boten kenging katedha margi saking awonipun.”

4. Ing kono pangandikane Sang Yehuwah marang aku:

maca bab lengkap Yeremia 24