Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Wilangan 23:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Bileam banjur matur marang rang Sang Prabu Balak: “Sumangga wonten ing ngriki kawula panjenengan dalem damelaken misbyah pitu, sarta kawula ugi panjenengan dalem cawisi lembu jaler nem pitu saha menda gibas jaler inggih pitu.”

2. Sang Prabu Balak tumuli nindakake kaya kang dadi panyuwune Bileam, sarta banjur padha nyaosake kurban ing saben misbyah arupa sapi siji lan wedhus siji.

3. Bileam tumuli matur marang Sang Prabu Balak: “Panjenengan dalem kawula aturi jumeneng wonten ing sacelakipun kurban obaran panjenengan dalem, dene kawula badhe kesah; bokmanawi kula badhe dipun panggihi dening Sang Yehuwah, lajeng dhawuh punapa ingkang kaparingaken, punika badhe kawula pratelakaken dhateng panjenengan dalem.” Sawuse mangkono Bileam banjur munggah ing gunung kang gundhul.

4. Gusti Allah tumuli manggihi Bileam; Bileam banjur munjuk marang Panjenengane: “Misbyah pitu punika sampun kawula cawisaken, sarta ing saben misbyah kawula kurbanaken lembu jaler nem satunggal kaliyan menda gibas jaler satunggal.”

5. Pangeran Yehuwah tumuli ngiseni tembung ing cangkeme Bileam sarta ngandika: “Sira balia menyang ngarepe Balak lan calathua mangkono iku.”

6. Satekane ing ngarsane Sang Prabu Balak, Sang Nata ketemu isih jumeneng sandhing kurbane obaran, bebarengan karo panggedhene bangsa Moab.

7. Bileam banjur ngucapake kidunge:“Sang Prabu Balak ratu ing Moab, ndhatengake aku saka ing tanah Aram,saka ing pagunungan wetan,pangandikane: Kowe mrenea, aku tulungana, ipat-ipatana Yakub,sarta mrenea, supatanana Israel.

8. Kapriye bisaku ngipat-ipati, kang ora diipat-ipati dening Gusti Allah?Kapriye anggonku nyupatani marang kang ora disupatani dening Yehuwah?

9. Awit bangsa iku dakdeleng saka ing pucake gunung-gunung parangdaksawang saka ing pagunungan.Lah iku bangsa kang manggon ndhewe,lan ora gelem kepetung kegolong tunggale bangsa liya.

10. Sapa kang bisa ngetung lebune Yakub,utawa sapa kang bisa nacahake golongane Israel?Anggonku mati muga bisaa kaya patine wong kang jujur,lan puputing uripku kayaa pupute wong iku!”

11. Ing kono pangandikane Sang Prabu Balak marang Bileam: “Kapriye tandukmu marang aku iki? Anggonku nekakake kowe iku dakkon ngipat-ipati mungsuhku, lah kok malah kokberkahi!”

12. Atur wangsulane Bileam: “Kawula rak kedah nglairaken punapa ingkang dipun isekaken dening Pangeran Yehuwah wonten ing cangkem kawula!”

13. Sang Prabu Balak tumuli ngandika marang Bileam: “Payo, kowe melua aku menyang panggonan liyane, saka ing kono kowe bisa nyawang bangsa iku; kang katon iku mung pungkasaning palerebane bae, ora katon sakabehe; nuli aku tulungana, ipat-ipatana bangsa iku saka kono.”

maca bab lengkap Wilangan 23