Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 14:8-19 Kitab Sutji (JAV)

8. Raja ing Sodom, raja Gomora, raja Adma karo raja Zeboim, raja ing Bela, iya iku ing Zoar, padha nata wadya-balane ana ing lebak Sidim, arep lumawan ing perang

9. nglawan marang Sang Prabu Kedorlaomer raja ing Elam, Sang Prabu Tideal raja Goyim, Sang Prabu Amrafel raja ing Sinear lan Sang Prabu Ariokh raja ing Elasar, raja papat mungsuh raja lima.

10. Anadene lebak Sidim iku akeh sumure aspal. Bareng raja Sodom lan Gomora padha keplajeng banjur kecemplung ana ing kono, kekarene pada ngungsi menyang pagunungan.

11. Sabarang darbeke wong Sodom lan Gomora tumuli padha dijarah-rayah dening mungsuh dalah tandhone pangan, banjur padha bali.

12. Lut kaponakane Rama Abram dalah sabarang duweke iya katut kabandhang, marga manggon ana ing Sodom.

13. Nuli ana sawijining wong kang keplayu ngaturi uninga marang Rama Abram wong Ibrani, kang dedalem cedhak karo alas tarbantin ing wewengkone Mamre, wong Amori sadulure Eskol lan Aner kang padha mbiyantu Rama Abram.

14. Rama Abram bareng midhanget yen putrane sadhereke kabandhang, tumuli ngangkatake para wonge kang wus kalatih, yaiku para abdi-abdine kang laire ana ing daleme, cacahe telung atus wolulas, banjur mburu mungsuhe nganti tutug ing Dhan.

15. Lan ing wayah bengi wong-wong tumuli diperang-perang, yaiku Rama Abram lan para abdine mau, mangkono anggone arep nglawan mungsuhe, temah bisa ngalahake mungsuhe, kang banjur dioyak-oyak nganti tutug ing Hoba, kang kaprenah ing salore kutha Damsyik.

16. Sakehe raja-darbe kang kabandhang bisa karebut bali, karodene Lut kadange lan sabarang duweke iya diulihake, mangkono uga para wong wadon lan rakyate.

17. Raja Sodom methukake Rama Abram nalika kondur saka nggecak raja Kedorlaomer dalah para raja kang padha mbiyantoni ana ing Lebak Syawe, iya iku Lebak Raja.

18. Anadene Sang Prabu Melkisedhek raja ing Salem, kang jumeneng imaming Allah Kang Mahaluhur, ngasta roti lan anggur,

19. sarta mberkahi marang Rama Abram, pangandikane: “Sadherek Abram mugi kaberkahana dening Gusti Allah Ingkang Mahaluhur ingkang nitahaken langit lan bumi.

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 14