Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Purwaning Dumadi 14:14-24 Kitab Sutji (JAV)

14. Rama Abram bareng midhanget yen putrane sadhereke kabandhang, tumuli ngangkatake para wonge kang wus kalatih, yaiku para abdi-abdine kang laire ana ing daleme, cacahe telung atus wolulas, banjur mburu mungsuhe nganti tutug ing Dhan.

15. Lan ing wayah bengi wong-wong tumuli diperang-perang, yaiku Rama Abram lan para abdine mau, mangkono anggone arep nglawan mungsuhe, temah bisa ngalahake mungsuhe, kang banjur dioyak-oyak nganti tutug ing Hoba, kang kaprenah ing salore kutha Damsyik.

16. Sakehe raja-darbe kang kabandhang bisa karebut bali, karodene Lut kadange lan sabarang duweke iya diulihake, mangkono uga para wong wadon lan rakyate.

17. Raja Sodom methukake Rama Abram nalika kondur saka nggecak raja Kedorlaomer dalah para raja kang padha mbiyantoni ana ing Lebak Syawe, iya iku Lebak Raja.

18. Anadene Sang Prabu Melkisedhek raja ing Salem, kang jumeneng imaming Allah Kang Mahaluhur, ngasta roti lan anggur,

19. sarta mberkahi marang Rama Abram, pangandikane: “Sadherek Abram mugi kaberkahana dening Gusti Allah Ingkang Mahaluhur ingkang nitahaken langit lan bumi.

20. Sarta pinujia Gusti Allah Ingkang Mahaluhur, dene sampun masrahaken mengsah jengandika wonten ing asta jengandika.” Rama Abram banjur ngaturake saprasepuluhe barang bandhangan mau.

21. Raja ing Sodom banjur ngandika marang Rama Abram: “Tiyangipun mugi jengandika paringaken dhateng kula, dene menggah raja-darbe kula aturi mundhut.”

22. Nanging Rama Abram matur marang raja ing Sodom: “Kula supaos demi Sang Yehuwah, Allah Ingkang Mahaluhur, ingkang nitahaken langit lan bumi,

23. bilih kula boten badhe mendhet sadhengah punapa ingkang dados kagungan dalem sadaya, dadosa namung benang saeler utawi tangsuling trumpah, supados panjenengan dalem sampun ngantos ngandika: Kang nyugihake Abram rak aku.

24. Manawi kula sampun ngantos pisan-pisan! Namung punapa ingkang sampun dipun tedha dening para rencang saha pandumanipun ingkang sami mbiyantu panglurug kula, inggih punika Aner, Eskol kaliyan Mamre, kajengipun mendhet bageanipun piyambak-piyambak.”

maca bab lengkap Purwaning Dumadi 14