Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 7:10-20 Kitab Sutji (JAV)

10. Nanging manawa sira isih wedi nempuh, sira mudhuna kalawan baturira si Pura, lan banjur menyanga ing pakemahane,

11. nuli sira bakal krungu apa kang dadi rerasanane, temah sira bakal wani mudhun nempuh pakemahane iku.” Sang Gidheon tumuli mandhap kanthi abdine si Pura iku, nganti tekan ing pajaganing wadya-bala kang ngarep dhewe ing pakemahan kono.

12. Wong Midian lan wong Amalek tuwin wong sagolongane wong saka ing sisih wetan padha pating glimpang ana ing lebak, kehe kaya walang, lan untane tanpa wilangan kaya wedhi ing pinggiring sagara.

13. Bareng Sang Gidheon rawuh ing kono, pinuju ana wong nyritakake impene marang kancane, pangucape: “Lah aku mentas ngimpi, ana roti sair saglintir kang katon gumlundhung nrajang marang ing pakemahane wong Midian. Bareng tekan ing pakemahan kene, tarub iki ditrajang nganti rubuh bosah-basih, kaya mangkono dadine tarub iki banjur rusak kabeh.”

14. Kancane mangsuli, tembunge: “Iku ora liya pedhange Gidheon bin Yoas wong Israel; Gusti Allah wis ngulungake wong Midian lan pakemahan iki kabeh marang ing tangane.”

15. Bareng Sang Gidheon midhanget critane impen dalah katrangane iku mau, tumuli enggal-enggal sujud. Sawuse mangkono banjur wangsul menyang ing pakemahane wong Israel sarta ngandika: “Padha ngadega, awit Sang Yehuwah wus ngulungake pakemahane wong Midian marang ing tanganmu.”

16. Wong telung atus mau tumuli dipara dadi telung pantha, sarta sawiji-wijining wong dicekeli kalasangka lan guci kothong kang diiseni obor.

17. Wong-wong nuli padha didhawuhi: “Padha ngawasna lan nirua aku: lah samangsa aku wis tekan ing tapel-watese pakemahan, nuli kowe padha nirua sapratingkahku.

18. Samangsa aku lan wong kabeh kang melu aku ngunekake kalasangka, kowe iya banjur padha ngunekna kalasangka uga ana ing sakubenge pakemahan iku kabeh sarta padha nguwuh-uwuha: “Demi Pangeran Yehuwah lan demi Sang Gidheon!”

19. Sang Gidheon karo wong satus kang ndherek tumuli padha tekan ing tepis-wiringe pakemahan nalika wiwitane giliraning jaga ing tengah wengi, nalika para prajurit jaga lagi bae padha kapapanake. Banjur padha ngunekake kalasangkane sarta ngremuki guci kang ana ing tangane.

20. Kaya mangkono anggone wong telung pantha mau bebarengan padha ngunekake kalasangkane lan ngremuki gucine, obore dicekeli ing tangane kiwa lan kalasangkane ing tangane tengen, padha diunekake karo nguwuh-uwuh: “Pedhange Pangeran Yehuwah lan Sang Gidheon!”

maca bab lengkap Para Hakim 7