Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 20:4-17 Kitab Sutji (JAV)

4. marga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang tindak nyarengi lakumu lan nyarirani perangmu nglawan mungsuhmu, awit karsane arep maringi kaunggulan marang kowe.

5. Para panggedhe tumuli mituturana marang wadya-balane mangkene: supaya panunggalanmu kang mentas ngadegake omah anyar, nanging durung nganti ngenggoni, iku mundura, muliha menyang ing omahe, supaya manawa mati ana ing paprangan, aja nganti omahe mau dienggoni wong liya.

6. Lan sapa panunggalanmu kang mentas gawe pakebonan anggur, mangka durung nganti mangan wohe, iku mundura muliha menyang ing omahe, supaya manawa mati ana ing paprangan, aja nganti wohe dipangan wong liya.

7. Lan panunggalanmu kang wus pacangan karo wong wadon, mangka durung nganti kaningkah, iku kena mundur mulih menyang ing omahe, bokmanawa mati ana ing paprangan, aja nganti wong liya kang ningkah.

8. Sawuse mangkono para panggedhe mau nyambungana pitembungane marang para prajurite mangkene: Sapa panunggalanmu kang wedi lan lembek atine iku mundura muliha menyang ing omahe, supaya atine para sadulure aja nganti ajur luluh kaya atine wong iku.

9. Sawuse para panggedhene prajurit rampung anggone mituturi marang wadya-balane, banjur miliha tetindhihing wadya-bala kang padha ngirid lakune para prajurit.

10. Samangsa kowe nyedhaki salah sawijining kutha arep koktempuh, ing sakawit kowe ngajaka bedhamen.

11. Samangsa kutha iku gelem nampani pangajakmu bedhamen lan kowe diwengani gapura, sakehe wong isine padha dadekna wong nyangga karya kanggo kaperluanmu, lan sabanjure padha ngawulaa marang kowe.

12. Nanging manawa kutha iku ora gelem bedhamen karo kowe, malah kowe dilawan perang, kuthane nuli kepungen;

13. lan sawuse Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, masrahake kutha iku marang tanganmu, banjur sakehe wong isine kang lanang padha patenana kalawan landheping pedhang;

14. mung kang wadon lan bocah-bocah; kewane sarta sabarang kang ana ing kutha iku, yaiku jarahane kabeh, iku kena kokepek dhewe, lan jarahan saka mungsuhmu kang wus diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku kena kokpigunakake.

15. Kaya mangkono kang kudu koktandukake marang sakehe kutha kang adoh banget prenahe saka ing panggonanmu, kang dudu panunggalane kutha-kuthane bangsa-bangsa ing kene iki.

16. Nanging kutha-kuthane bangsa-bangsa kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe minangka tanah-pusakamu, iku sakehe kang mawa ambekan aja ana kang kokuripi,

17. nanging tumpesen babar pisan, yaiku wong Het, wong Amori, wong Kanaan, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus, kaya kang wus dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe,

maca bab lengkap Pangandharing Toret 20