Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 20:10-20 Kitab Sutji (JAV)

10. Samangsa kowe nyedhaki salah sawijining kutha arep koktempuh, ing sakawit kowe ngajaka bedhamen.

11. Samangsa kutha iku gelem nampani pangajakmu bedhamen lan kowe diwengani gapura, sakehe wong isine padha dadekna wong nyangga karya kanggo kaperluanmu, lan sabanjure padha ngawulaa marang kowe.

12. Nanging manawa kutha iku ora gelem bedhamen karo kowe, malah kowe dilawan perang, kuthane nuli kepungen;

13. lan sawuse Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, masrahake kutha iku marang tanganmu, banjur sakehe wong isine kang lanang padha patenana kalawan landheping pedhang;

14. mung kang wadon lan bocah-bocah; kewane sarta sabarang kang ana ing kutha iku, yaiku jarahane kabeh, iku kena kokepek dhewe, lan jarahan saka mungsuhmu kang wus diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku kena kokpigunakake.

15. Kaya mangkono kang kudu koktandukake marang sakehe kutha kang adoh banget prenahe saka ing panggonanmu, kang dudu panunggalane kutha-kuthane bangsa-bangsa ing kene iki.

16. Nanging kutha-kuthane bangsa-bangsa kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe minangka tanah-pusakamu, iku sakehe kang mawa ambekan aja ana kang kokuripi,

17. nanging tumpesen babar pisan, yaiku wong Het, wong Amori, wong Kanaan, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus, kaya kang wus dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe,

18. supaya kowe aja nganti padha diwuruki niru marang sakehe jejember kang padha dilakoni kanggo allahe, temah kowe padha dosa marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.

19. Saupama anggonmu merangi sawijining kutha nganti suwe anggonmu ngepung arep kokrebut, wit-witan ing saubenge kutha aja kokrusak srana koktamani wadung; wohe kena kokpangan, nanging wite aja koktegori; wit-witan ing ara-ara iku rak dudu manungsa, dadi ora patut melu kokkepung.

20. Mung wit-witan kang wohe ora kena dipangan iku kena kokrusak lan koktegori, kanggo gawe pager pangepunganing kutha kang nglawan marang kowe, nganti kutha iku bedhah.” edit 1: fajar 13.12.01

maca bab lengkap Pangandharing Toret 20