Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 13:8-18 Kitab Sutji (JAV)

8. iku aja nganti kokkalahi lan aja kokrungokake. Iya aja kokeman lan kokwelasi utawa kokdhelikake kaluputane;

9. nanging wong iku poma patenana, tanganmu dhewe kang miwiti mateni dhisik, nuli tangane wong sabangsa kabeh.

10. Wonge dibenturana watu nganti mati, marga wus duwe pangangkah arep ndadekake murtadmu saka Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kang wus ngentasake kowe saka ing tanah Mesir, saka ing omah pangawulan.

11. Ing kono wong Israel kabeh bakal padha krungu temah padha wedi, temah bakal ora ana wong kang duwe pokal dursila kaya mangkono iku ana ing tengahmu.

12. Saupama ana ing salah sijine kutha kang bakal diparingake Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe supaya kokenggoni, kowe krungu warta mangkene:

13. Ana wong dursila kang padha jumedhul saka ing antaramu kang wus padha nasarake wong-wong ing kuthane, kalawan pangucape: Payo padha ngabekti marang allah liyane kang ora kokwanuhi,

14. iku nuli titi-priksanen, satitekna lan takok-takokna kalawan tliti. Manawa jebul bener lan wus nyata ana kakadean mangkono ing satengahmu,

15. poma wong isine kutha iku banjur padha patenana kalawan landheping pedhang; kutha iku lan saisine kabeh dalah kewane kasirnakna.

16. Kabeh barang jarahan kaklumpukna ana ing tengah alun-alun, nuli kutha dalah jarahane kabeh obongen nganti entek, minangka kurban obaran kang ganep sumaos marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu. Kabeh iku bakal tetep dadi gempuran ing salawase, aja nganti dibangun maneh.

17. Barang-barang rayahan mau aja ana kang tumemplek ing tanganmu, supaya mulad-mulading bebendune Sang Yehuwah mendha, lan kowe diparingana piwelas lah sih-mirma, apamaneh ditangkar-tangkarna, kaya kang wus dadi prasetyane kalawan supaos marang para leluhurmu.

18. Amarga kanthi patrap kaya mangkono kowe dadine ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah Gusti Allahmu, lan netepi sakehe pepakene kang dakluntakake marang kowe ing dina iki, sarta nglakoni apa kang bener ana ing paningale Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu.”

maca bab lengkap Pangandharing Toret 13