Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangandharing Toret 11:13-26 Kitab Sutji (JAV)

13. Manawa kowe kanthi temen-temen anggonmu ngestokake pepakon kang dakluntakake marang kowe ing dina iki lan padha tresna lan ngabekti marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, kalawan gumolonging atimu lan gumolonging nyawamu,

14. mesthi Panjenengane bakal maringi udan ing tanahmu ing saben mangsane, iya udan wiwitan lan udan kang wekasan, satemah kowe bakal nglumpukake gandummu, anggurmu lan lengamu;

15. sarta Panjenengane bakal maringi suket ana ing pangonan kanggo kewanmu, sarta kowe bakal bisa mangan nganti wareg.

16. Padha ngati-atia, supaya atimu aja kena ing godha, temah kowe padha nyimpang sarana ngabekti lan sujud marang allah liya-liyane.

17. Yen kaya mangkono, bebendune Sang Yehuwah bakal mulad-mulad marang kowe sarta langit bakal kainebake, temah ora ana udan lan bumi ora aweh pametu, sarta kowe enggal padha tumpes sirna saka ing nagara kang becik peparinge Pangeran Yehuwah marang kowe.

18. Mulane pituturku iki padha simpenen ana ing atimu lan ing nyawamu, sarta padha talenana minangka pratandha ing tanganmu, padha dadia tenger ana ing sela-selane mripatmu.

19. Padha wulangna marang anak-anakmu, karembuga manawa lagi padha lungguhan ana ing omahmu, manawa mbeneri lumaku ana ing dalan, manawa lagi turon lan manawa tangi;

20. padha tulisana ana ing pipining lawange omahmu lan ing gapuraning kuthamu;

21. supaya dawaa umurmu lan umure anak-anakmu ana ing tanah kang wus diprasetyakake dening Sang Yehuwah kalawan supaos marang para leluhurmu, yen bakal kaparingake, sasuwene langit mayungi bumi.

22. Sabab manawa kowe padha temen-temen netepi surasane angger-angger kang dakluntakake marang kowe supaya padha koklakoni iku, sarta tresna marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, lan lumaku ing sakehing dalan kang ditedahake, apadene rumaket marang Panjenengane,

23. Pangeran Yehuwah masthi bakal nundhungi sakehe bangsa iku saka ing ngarepmu, satemah kowe bakal padha ngenggoni tanahe bangsa-bangsa kang luwih gedhe lan luwih rosa tinimbang kowe.

24. Saben panggonan kang kokambah iku bakal dadi duwekmu, wiwit saka ing pasamunan nganti tumeka ing pagunungan Libanon, lan saka ing bengawan, yaiku bengawan Efrat, tumeka ing sagara sisih kulon, iku bakal dadi tlatahmu.

25. Bakal ora ana kang kuwat nandhingi marang kowe, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, bakal ndadekake sakehing nagara kang kokambah, wonge padha giris lan wedi marang kowe, kaya kang kajanjekake dening Sang Yehuwah marang kowe.

26. Lah ing dina iki kowe padha dakkon milih, berkah apa laknat.

maca bab lengkap Pangandharing Toret 11