Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Nehemya 9:31-38 Kitab Sutji (JAV)

31. Ewasamanten awit saking agengipun sih-palimirma Paduka inggih boten Paduka tumpes tapis, lan boten Paduka tegakaken, amargi Paduka punika Gusti Allah ingkang mahaasih lan mahamirah.

32. Lah sapunika, dhuh Allah kawula, Gusti Allah ingkang mahaagung, santosa lan nggegirisi, ingkang ngekahi ing prasetya saha sih-kadarmanipun, sampun ngantos Paduka galih remeh sakathahing kasisahan ingkang sampun sami kawula sandhang, inggih ratu-ratu kawula, panuntun-panuntun kawula, imam-imam kawula, nabi-nabi kawula, saha para leluhur kawula, malah inggih umat Paduka sadaya, wiwit jamanipun para raja ing Asyur dumugi sapunika.

33. Nanging Paduka ingkang leres tumrap sakathahing samukawis ingkang dhumawah ing kawula punika, amargi Paduka tumindak setya, saha kawula ingkang sami nglampahi duraka.

34. Dalasan para ratu kawula, para pangageng kawula sarta para imam kawula, punapa dene para leluhur kawula sami nglirwakaken angger-angger Paduka. Sami boten ngestokaken dhateng dhawuh saha pepenget Paduka ingkang Paduka paringaken.

35. Ing salebetipun jumeneng ratu sami boten ngabekti dhumateng Paduka, sanadyan Paduka sampun maringi kanugrahan kathah saha nyawisaken tanah ingkang jembar lan loh. Saha sami boten purun mratobat saha nilar pendamelipun ingkang awon.

36. Lah ing wekdal sapunika kawula sami dados abdi tumbasan, mangka wonten ing salebetipun tanah ingkang Paduka paringaken dhateng para leluhur kawula, amrih sami ngraosaken woh saha kasugihanipun, nanging kawula punika sami dados abdi tumbasan.

37. Tanah punika kathah pamedalipun tumrap ratu-ratu ingkang Paduka kuwaosaken ngereh kawula, margi saking dosa kawula. Para ratu punika sami ngereh kawula saha raja-kaya kawula kanthi sawenang-wenang, temahan kawula sami nandhang karibedan ageng.”

38. Adhedhasar iki mau kabeh, aku banjur padha nganakake prajanjian kang kenceng, kang padha daktulis, sarta kaecapan dening para panggedheku, para wong Lewi lan para imamku.

maca bab lengkap Nehemya 9