Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Nehemya 6:1-3 Kitab Sutji (JAV)

1. Bareng Sanbalat lan Tobia sarta Gesyem, wong Arab, apadene mungsuh kita liyane padha krungu, yen wus rampung anggonku mbangun balowarti lan wus ora ana kang bolong maneh, sanadyan ing wektu semana gapurane durung dietrapi ineb,

2. ing kono Sanbalat lan Gesyem mau banjur kongkonan ngajak marang aku: “Sumangga sami pepanggihan wonten ing kitha Kefirim ing lebak Ono!” Nanging wong-wong iku lugune sumedya gawe cilakaku.

3. Aku tumuli kongkonan nggawa wangsulan marang wong-wong mau: “Kula saweg nglampahi padamelan ingkang ageng, kula boten saged dhateng! Punapa prelunipun ngendeli padamelan punika, margi kula tilar manggihi panjenengan?”

maca bab lengkap Nehemya 6