Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Musthikaning Kidung 2:13-16 Kitab Sutji (JAV)

13. Wit anjir wiwit awoh,lan kembanging wit anggur ngambar gandane.Tangia, memanisku,mrenea, intenku!

14. Manukku dara ana ing lowahan-lowahaning parang,ana ing pandhelikan ing ereng-erenging gunung,pamerna paraupanmu,wetokna suwaramu;amarga arum suwaramu,lan endah warnamu!”

15. Aku padha cekelna asu wawar iku,asu wawar kang cilik,kang ngrusak pakebonan anggur,pakebonan anggurku kang nedhenge kembang!

16. Kekasihku iku darbekku lan aku iki kagunganekang ngengen wedhus ana ing satengahing kembang bakung.

maca bab lengkap Musthikaning Kidung 2