Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Mikha 6:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Padha ngrungokna kang dadi pangandikane Pangeran Yehuwah:Ngadega, lapura nganti gunung-gunung padha krungu,lan tengger-tengger kareben krungu swaranira!

2. He gunung-gunung, rungokna tan-trimahe Sang Yehuwah,lan padha ngrungokna, he, dhasar-dhasaring bumi!Marga Pangeran Yehuwah tan-trimah ing ngatase umate,sarta prakawisan karo Israel.

3. “He, umatingSun, apa kang wus Suntandukake marang sira?AnggoningSun damel keselira srana apa?Mara ngunjukana wangsulan marang Ingsun!

4. Awitdene sira rak wus Sunentasake saka ing tanah Mesir,Sunluwari saka ing pangawulansarta Ingsun rak wus ngutus Musa lan Harun,sarta Miryam minangka pangarepira?

5. He umatingSun, padha elinga apa kang karancangdening Balak, ratu ing Moab,lan kapriye kang dadi wangsulaneBileam bin Beor,tuwin apa kang kelakon wiwit saka ing Sitim nganti tekan ing Gilgal,supaya sira ngakonana pandamel-pandameling Yehuwah kang adil.”

6. “Kalawan sesaosan apa anggonku lunga sowan ing ngarsane Pangeran Yehuwah,lan anggonku sujud marang Gusti Allah kang Mahaluhur?Anggonku sowan ing ngarsane apa kalawan nyaosi kurban obaran,kalawan pedhet kang umur setaun?

maca bab lengkap Mikha 6