Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Maleakhi 4:4-6 Kitab Sutji (JAV)

4. Padha elinga marang Toret kang wus Sundhawuhake marang Musa, abdiningSun, nalika ana ing gunung Horeb, supaya kawartakna marang Israel kabeh, yaiku pranatan-pranatan lan pepakon-pepakon.

5. Lah sadurunge teka dinane Sang Yehuwah kang gedhe lan kang nggegirisi iku, Ingsun bakal ngutus Nabi Elia marang sira.

6. Iku bakal mbalekake atine para bapa marang anak-anake, sarta atine para anak marang para bapakne, supaya Ingsun aja nganti rawuh lan nggebag bumi nganti tumpes tapis.

maca bab lengkap Maleakhi 4