Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kidung Pangadhuh 1 Kitab Sutji (JAV)

Gempure lan sepine Yerusalem

1:1-22

1. Adhuh lae, kutha iku kok sepi temen,kang dhek biyen reja banget!Wus dadi kaya randhakang maune linuwih ana ing satengahe para bangsa.Kang biyen dadi ratune kutha-kutha,saiki dadi jajahan.

2. Ing wayah bengi nangis kelara-lara,pipine adus luh;ing antarane para kang nresnani,ora ana siji bae kang aweh panglipur.Mitrane kabeh wus padha nyidrani,wus malih dadi satrune.

3. Yehuda wus ditinggal dening kang padha ngenggoni,marga saka sangsara lan saka abote anggone dikawulakake;saiki dumunung ing antarane para bangsa,ewadene ora bisa oleh katentreman;sapa bae kang nempuh bisa ngejegiing mangsa nemahi karubedan.

4. Dalan-dalan kang anjog ing Sion kebak prihatin,marga ora ana kang padha nekani riyaya,gapurane sepi nyenyet kabeh,para imame padha ngesah,para prawane padha sedhih,dene Sion dhewe pepes atine.

5. Para mungsuhe padha nguwasani,lan satrune padha seneng-seneng.Pranyata Sion diganjar kasusahan dening Pangeran Yehuwah,marga akeh panerake;anak-anake padha lumaku ana ing ngarepe satrunekayadene tawanan.

6. Putri ing Sion wus koncatankamulyane kabeh,para pemimpine padha kaya menjangankang ora nemu panggonan kanggo nyenggut;nglentroh anggone lumaku,ana ing ngarepe kang ngoyak-oyak.

7. Ing dinane kasangsaran lan kasusahanYerusalem kelinganmarang sakehing raja-branakang dadi duweke dhek biyen;nalika wonge katelukake dening mungsuh,lan ora ana kang mitulungi,para satrune padha nyawang lan padha gumuyu,marga saka karusakane.

8. Yerusalem banget anggone gawe dosa,satemah kaanane najis;kabeh kang biyen padha ngajeni, saiki padha ngremehake,marga weruh anggone kawudan;Yerusalem dhewe sambat-sambatkambi mungkur.

9. Kanajisane kelet ing poncoting jubahe,wus ora mikir bab bakal wekasane,anggone tiba kanteb banget,ora ana wong kang nglipur.“Dhuh Yehuwah, mugi karsaa mirsani kasangsaran kawula,margi pun mengsah ngegungaken badanipun piyambak.”

10. Si satru gumrageh tanganemarang raja-branane Yerusalem kabeh,malah Yerusalem ndeleng para bangsaanggone padha lumebu ing papan pasucene,mangka Paduka, dhuh Yehuwah, sampun ngawisi tiyang-tiyang punika,boten kenging lumebet ing pasamuwan Paduka.

11. Wong saisine Yerusalem kabeh padha sambat-sambat,padha golek roti;raja-branane diijolake pangan,kanggo nyambung uripe.“Dhuh Yehuwah, mugi karsaa mirsani,dene samanten kanisthan kawula.

12. Heh kowe kang padha liwat,apa kowe ora padha mreduli?Sawangen lan tamatna, apa ana kasusahan kayakang ditandukake dening Pangeran Yehuwah marang aku,supaya aku nandhang sedhih banget,nalika bebendune mulad-mulad?

13. Panjenengane ngintunake geni saka ing dhuwur,kang manjing ing balung-balungku;Panjenengane masang jaring ana ing ngarepe sikilku,aku didhesek mundur,sarta aku digawe kaget,lan kelaran nganti sadina muput.

14. Sakehing panerakku iku pasangan kang abot,sawijining bebuletan, damelaning astane Pangeran,kang ditumpangake ana ing guluku,satemah njalari enteking kakuwatanku.Pangeran wus ngulungake aku marang ingtangane para wong kang aku ora kaconggah nandhingi.

15. Pangeran wus mbucal sakehe para gegedhugkukang ana ing wewengkonku.Pangeran wus damel pista kanggo nglawan marang aku,kanggo nyirnakake para wong nonomanku.Pangeran wus ngidak-ngidak putri Yehuda, para kenya,kaya patrape ngiles-iles meres anggur.

16. Marga saka iku aku nangis,mripatku ngetokake luh carocosan,awitdene juru panglipur kang bisanglejarake atiku wus adoh;anak-anakku padha bingung,marga si satru rosa banget.”

17. Sion ngegarake tangane,nanging ora ana wong kang nglipur;Pangeran Yehuwah wus nglempakake tangga-tanggane,supaya padha nglawan marang Yakub.Yerusalem wus dadi najis,ana ing satengahe mungsuh-mungsuh mau.

18. “Pangeran Yehuwah iku kang leres,awit aku wus mbalela marang pangandikane;heh sakehe bangsa, padha rungoknalan sawangen prihatinku,para wong nonomanku lanang lan wadonwus padha lunga dadi tawanan.

19. Aku ngundang para kang daktresnani,nanging iku padha ngapusi aku,para imamku lan para tuwa-tuwaku,wus padha ngajal kabeh ana ing kutha,nalika padha golek pangankanggo nyambung uripe.

20. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa mirsani, anggen kawula ajrih sanget punika,saha anggenipun nyawa kawula ngolang-ngaling punika,manah kawula molak-malik wonten ing nglebet kawula,awitdene kesangeten anggen kawula mbalela,wonten ing jawi anak-anak kawula katumpes dening pedhang,wonten ing salebetipun griya dening sesakit pes.

21. Paduka mugi karsaa midhangetaken, kadospundi anggen kawula sesambat,mangka boten wonten ingkang nglipur kawula,mengsah-mengsah kawula sami mireng bab kasangsaran kawula,lajeng sami bingah, awit Paduka ingkang ndhatengaken punika!Dinten ingkang sampun Paduka undhangaken punika mugi kadhatengna,saha mengsah-mengsah wau mugi sami dadosa kados kawula!

22. Piawonipun sadaya mugi sumengkaa dhateng ing ngarsa Paduka,saha tiyang-tiyang wau lajengmugi sami Paduka etrapi punapa ingkang sampun Paduka tandukaken dhateng kawula,margi saking kathahipun duraka kawula;awit kathah panggresah kawula,sarta manah kawula nandhang sakit.”