Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Kidung Pangadhuh 2 Kitab Sutji (JAV)

Bebendune Gusti Allah marang Sion

2:1-22

1. Adhuh lae, putri Sion, banget temen anggone kinemulan ing mendhungdening Pangeran ing sajroning bebendune,kamulyane Israel wus kabuwang Panjenenganesaka ing langit menyang ing bumi.Ancik-anciking sampeyaneora diengeti nalika Panjenengane duka.

2. Pangeran nyirnakake sakehe pategalane Yakub,ora nganggo pinaringan sih-piwelas.Panjenengane ing sajroning bramatyanenggempuri sakehe betenge putri ing Yehuda.Karajan dalah para panggedhene padha kabanting ing bumilan didamel sawiyah-wiyah.

3. Marga saka mulad-mulading bebendune,sakehe sungune Israel padha dipokahi,nalika mungsuh wus cedhakPangeran ngingkedake astane tengen,Panjenengane mbesmi Yakub kaya geni kang mulad-muladkang mangsa ing sakubenge.

4. Pangeran menthang gandhewane kaya mungsuh,lan ngacungake astane tengen kaya satru,mateni sakabehe kang nengsemake pandeleng kang ana ing tarube putri Sion,bebendune kaesokake kayadene geni.

5. Pangeran wus malih dadi kaya mungsuh,Israel kalebur,sakehing kedhatone karemuk,beteng-betenge padha kadadekake gempuran,kasusahan lan pasambate putri ing Yehudakadadekake akeh.

6. Tarube piyambak karusak kaya kebon,papan masamuwane kabubrah.Ana ing Sion Pangeran Yehuwah wus damel laline wongmarang riyaya lan sabat,raja lan imam wus padha ditampik,marga saka bramatyane.

7. Pangeran mbucal misbyahe piyambak,pasucene katilar,temboking kadhatone padha dipasrahakemarang ing tangane mungsuh;mungsuh mau padha ngumbar swara ana ing Padalemaning Allah,memper kaya kramean ing dina riyaya.

8. Pangeran Yehuwah wus damel putusan ndadekake gempuranbalowartine putri Sion,kabeh wus diukur srana tali ukuran,astane ora mingsed saka anggone bakal ngrisak,balowarti ing jaba lan ing jeropadha kadadekake ngadhuh-adhuh lan ngenes kabeh.

9. Gapurane padha ambles ing bumi,Pangeran Yehuwah ngrisak lan nugel-nugel slarake;rajane lan panggedhene padha dumunung ana ing antarane bangsa manca.Ora ana pitedah saka Sang Yehuwahdalah para nabine padha ora tampawahyu saka Panjenengane.

10. Para tuwa-tuwane putri Sion,padha nglosod ana ing lemah,padha nguwur-uwuri awu ing sirahelan manganggo bagor.Para prawan ing Yerusalem,padha tumungkul konjem ing bumi.

11. Mripatku nganti nggerong dening luh,remuk bubuk atiku,atiku ajur mumur,marga tumpese putrine bangsaku,dene bocah cilik lan bayipadha sumaput ana ing ara-araning kutha.

12. Padha takon marang biyunge:“Endi rotine lan anggure?”,nalika padha sumaput ana ing alun-alune kuthakaya wong kang gugur ana ing paprangan,sarta padha pegat nyawaana ing pangkone biyunge.

13. He, putri ing Yerusalem,aku bisa mratelakake apa marang kowe,lan kowe kena dakupamakake apa?He, putri kenya ing Sion,kowe kena dakupamakake apa, kanggo nglipur kowe,marga gempuranmu ambane kaya sagara,sapa kang bisa marasake kowe?

14. Para nabimu padha nyaritakake marang kowewahyu kang cidra lan kothong.Padha ora mratelakake kaluputanmusupaya kowe banjur waras maneh.Wangsit-wangsit kang goroh lan nasarakekang dikandhakake marang kowe.

15. Sakehe wong kang liwat,padha keplok-keplok marga meruhi kowe,padha ngeses-ngeses lan gedheg-gedheg,tumrap putri ing Yerusalem,ujare: “Apa iki kutha kang kaaranan luwih dening endah, dadi kasenenganewong salumahing bumi kabeh?”

16. Sakehe mungsuhmu padha ngunek-unekake kowe,padha ngeses-ngeses lan nggeget untu,ujare: “Iku wus padha daksirnakake!”“La, yaiki dina kang dakarep-arep,wus dakalami lan daksipati!”

17. Pangeran Yehuwah wus nindakake apa kang karancang,wus netepi apa kang dadi pangandikane,kang diundhangake wiwit dhek jaman biyen,wus nggempur tanpa pangeman,mungsuh didadekake seneng ing ngatase kowe,sungune satru-satrumu wus didhuwurake.

18. Sambat-sambata marang Pangeran kanthi seru,he, putri ing Sion,rina-wengi luhmumilia kaya kali,awakmu aja kokasokake,mripatmu aja nganti leren!

19. Tangia, ngadhuh-adhuha ing wayah bengi,ing wiwitaning giliraning jaga bengi;isining atimu esokna kaya banyu,ana ing ngarsaning Pangeran,tanganmu egarna marang Panjenengane,amrih uripe anak-anakmu,kang semaput marga saka luwe,ana ing pojoke lurung-lurung.

20. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa mirsani saha niti-priksa,sinten ingkang Paduka etrapi makaten punika,punapa tiyang estri kedah nedha wohing wetenganipun piyambak,inggih bayi-bayi ingkang taksih wonten ing bopongan;punapa imam tuwin nabikedah dipun pejahi wonten ing pasucenipun Pangeran?

21. Nem-neman lan tiyang sepuh,sami gilang-gilang wonten ing margi,prawan-prawan lan jaka-jaka kawula,sami pejah dening pedhang,sami Paduka pejahi nalika Paduka bendu,Paduka pragad tanpa pangowel.

22. Kados-kados ing dinten pahargyan Paduka nimbalisadaya ingkang kawula sami ajrihi saking kiwa-tengen.Nalika Pangeran Yehuwah bendu,boten wonten tiyang satunggal kemawon ingkang saged oncat utawi wilujeng.Lare-lare ingkang kawula uthun-uthun saha kawula gula-wenthah,sami dipun pejahi dening mengsah kawula.