Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Jabur 17:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Pandongane Prabu Dawud.Dhuh Yehuwah, mugi karsaa miyarsakaken dhateng prakawis ingkang leres,mugi karsaa nggatosaken ing pasambat kawula;sarta mugi karsaa nilingaken dhateng ing pandonga kawula,saking ing lambe ingkang boten dora.

2. Mugi kawula angsala kaadilan saking Paduka:paningal Paduka mugi nguningani punapa ingkang leres.

3. Manawi Paduka nguji dhateng manah kawula,niti kawula ing wanci dalu,saha mriksa kawulaPaduka boten badhe manggih punapa-punapa ingkang awon,ing cangkem kawula boten wonten panerak.

4. Menggah pandamelanipun tiyang,manut sabda ingkang Paduka pangandikakaken,kawula boten tumut-tumut kaliyan tindakipun tiyang ingkang sami ambek roda-peksa;

5. lampah kawula tetep ndherek ing tindak Padukasaha suku kawula boten sleyoran.

6. Kawula nyebut dhumateng Paduka, amargi Paduka paring wangsulan dhumateng kawula, dhuh Allah;mugi Paduka karsaa nanggapaken talingan Paduka dhateng kawula mugi karsaa miyarsakaken atur kawula.

7. Mugi Paduka karsaa ngatingalaken sih-rahmat Paduka ingkang elok,Paduka ingkang ngluwari tiyang ingkang sami ngungsi dhateng ing pangaubaning asta Paduka ingkang tengenmargi saking wontenipun para ingkang sami mbalela.

8. Mugi kawula Paduka reksa kados maniking mripat,sarta Paduka dhelikaken wonten ing ayoming swiwi Paduka:

9. margi wonten tiyang duraka ingkang sami ngangkah dhateng karisakan kawula,inggih satru bebuyutan ingkang sami ngepang kawula.

10. Tiyang wau sami boten ngatingalaken sih-kawelasan,sami ngumbar kumalungkungipun;

maca bab lengkap Jabur 17