Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Hagai 2:1a-5 Kitab Sutji (JAV)

1a. ing sasi nem, tanggal patlikur.

1b. Ing taun kang kaping pindhone jamane Sang Prabu Dharius,

2. ing sasi kapitu, tanggal ping selikur, ana pangandikane Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Hagai, mangkene:

3. “Sira ndhawuhana marang Zerubabel bin Sealtiel, bupati ing Yehuda karo Imam Agung Yusak bin Yozadak, sarta marang para wong kekarene umat, mangkene:

4. Sapa panunggalanira kang isih menangi nalika padaleman iki kadunungan kamulyan? Lan kapriye katone marang sira saiki, rak dudu apa-apa ing sapandelengira?

5. Ewadene saiki sira disantosa atinira, he Zerubabel! -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah -- he, Imam Agung Yusak bin Yozadak, disantosa atinira! He sakehe para wong isine nagara, dipadha santosa atinira! -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah; padha tumandanga, marga Ingsun nganthi marang sira, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi --.

maca bab lengkap Hagai 2