Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Habakuk 3:7-13 Kitab Sutji (JAV)

7. Aku ndeleng tarube Kusyan padha kataman ing karubedan,tendha-tendhane tanah Midian padha kedher.

8. Dhuh Yehuwah, punapa dhateng lepen-lepen,punapa dhateng lepen-lepen timbuling bebendu Paduka punika?Punapa saganten ingkang Paduka dhawahi bramatya Paduka punika,dene Paduka ngantos nitih kuda saha kreta kaunggulan Paduka?

9. Gandhewa Paduka sampun Paduka penthang,sampun Paduka pasangi jemparing (sela).Bumi Paduka belah dados lepen-lepen;

10. redi-redi ningali Paduka, lajeng sami gumeter,bena langkung kalayan swanten gumrojog,samodra nyuwanten,saha njunjung tanganipun.

11. Surya, rembulan sami kendel ing papan padununganipun,margi saking sunaring jemparing-jemparing Paduka ingkang lumepas,sarta margi saking cumloroting waos Paduka ingkang gumebyar.

12. Kanthi bramatya anggen Paduka tindak ndlajahi bumi,para bangsa sami Paduka gebag ing salebeting bendu.

13. Paduka tedhak perlu mitulungi umat Paduka,inggih mitulungi jebadan Paduka.Wuwunging griyanipun tiyang duraka Paduka remuk,dhasaripun Paduka brengkal ngantos selanipun ingkang pungkasan (sela).

maca bab lengkap Habakuk 3