Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Habakuk 1:3-13 Kitab Sutji (JAV)

3. Punapaa dene Paduka nedahaken piawon dhateng kawula, satemah kawula ningali tindak ambeksiya? Panganiaya saha pangroda-peksa wonten ing ngajenging mripat kawula; paben saha pasulayan ingkang tumuwuh.

4. Pramila angger-angger lajeng ical kakiyatanipun, saha kaadilan boten nate jumedhul, margi tiyang mursid kinepang dening tiyang duraka, njalari medalipun kaadilan kwalik.

5. Padha mawasa lan nggatekna ana ing antarane para bangsa, gumuna lan padha njengera, dene Ingsun nindakake sawijining pakaryan ing jamanira kang manawa kawartakake marang sira, sira mesthi ora ngandel.

6. Dene lah Ingsun kang nenangi wong Kasdim, bangsa kang ambek-siya lan cukat tandange, kang ndlajahi garis-garising lintang bumi, arep ngejegi papan padunungan kang dudu duweke.

7. Bangsa iku medeni lan nggegirisi, pangadilan lan kaluhurane iku asale saka awake dhewe.

8. Jarane cukate ngungkuli macan tutul, lan girase ngungkuli asu ajag ing wayah bengi; wadya-balane jaranan teka sesanderan saka ing panggonan adoh, nganti kaya mabur memper manuk garudha kang nyamber memangsan.

9. Bangsa iku kabeh padha nglurug arep nandukake panganiaya, panempuhing cucuking barisane kaya angin saka ing wetan, sarta padha nglumpukake tawanan kang kehe kaya wedhi.

10. Para raja padha dipoyoki lan para panggedhe padha digeguyu; saben beteng digeguyu, diurugi lemah lan banjur karayud.

11. Banjur padha mlayu-mlayu rikate kaya sumiyuding angin, terus bablas; kaya mangkono anggone padha nindakake panggawe kang luput kalawan ndewa-dewa marang kakuwatane.

12. Dhuh Yehuwah, Paduka punika sampun wiwit rumiyin mila rak Gusti Allah kawula, Ingkang Mahasuci? Kawula boten badhe sami pejah. Dhuh Yehuwah, bangsa punika Paduka patah supados ndhawahaken paukuman. Dhuh, Sang Redi Parang, bangsa punika sampun Paduka tamtokaken supados niksa.

13. Paduka, ingkang paningal Paduka margi saking sangeting sucinipun lajeng boten karsa mirsani piawon saha ingkang boten mentala mirsani panganiaya, kenging punapa dene Paduka ngudaneni dhateng tiyang ingkang sami lampah cidra, saha lajeng kendel kemawon, samangsa tiyang duraka nguntal dhateng sesaminipun ingkang ngungkuli kautamenipun?

maca bab lengkap Habakuk 1