Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Ezra 2:55-70 Kitab Sutji (JAV)

55. Iki turune para abdine Prabu Suleman:bani Sotai, bani Soferet, bani Peruda;

56. bani Yaala, bani Darkon, bani Gidel;

57. bani Sefaca, bani Hatil, bani Pokheret-Hazebaim, bani Ami.

58. Sakehe para abdi ing padalemaning Allah lan turune para abdine Prabu Suleman iku gunggunge ana telung atus sangang puluh loro.

59. Iki wong-wong kang bali saka Tel-Melah, Tel-Harsa, Kerub, Adan lan Imer, nanging padha ora bisa nelakake kulawangsane lan sara-silahe, apa iya kagolong bangsa Israel apa dudu:

60. bani Delaya, bani Tobiya, bani Nekoda, gunggung nem atus seket loro;

61. lan saka antarane para imam: bani Habaya, bani Hakos, bani Barzilai. Barzilai iku ngalap somah saka Barzilai, wong Gilead, lan wiwit nalika samana disebut manut jenenge kulawarga iku.

62. Iku padha nitipriksa apa jenenge padha kasebut ing sara-silah, nanging ora tinemu, temah padha dianggep ora suci, lan ora diparengake nglenggahi kaimaman.

63. Lan tumrap wong-wong mau kadhawuhake dening kepala dhaerah, manawa ora diparengake mangan sesaosan kang suci pinunjul, nganti ana imam kang jumeneng kang ngasta Urim lan Tumim.

64. Sagolongane wong kabeh iku mau gunggunge ana patang puluh loro ewu telung atus sewidak;

65. iku kejaba bature lanang lan wadon kang cacahe pitung ewu telung atus telung puluh pitu. Ing antarane ana pasindhen lanang lan wadon rong atus.

66. Jarane ana pitung atus telung puluh nenem, bihale rong atus patang puluh lima;

67. untane patang atus telung puluh lima, kuldine nem ewu pitung atus rong puluh.

68. Para sesirahing kulawarga, nalika sowan menyang ing padalemane Sang Yehuwah ing Yerusalem, ana sawatara kang ngaturake pisungsung manasuka kanggo pembanguning padalemaning Allah ana ing panggonane lawas.

69. Padha ngaturake pisungsung ing sakadare minangka wragade pagawean rupa mas sawidak siji ewu dirham, selaka limang ewu mena, apadene klambi rangkepan panganggone para imam satus iji.

70. Dene para imam lan para wong Lewi sarta uga saperanganing rakyat, para pasindhen lan para jaga-gapura tuwin para abdining padalemaning Allah padha manggon ana ing kutha-kuthane, mangkono uga wong Israel liyane kabeh iya padha manggon ana ing kuthane dhewe-dhewe.

maca bab lengkap Ezra 2